Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 149
82–83 dari 650
817–826 dari 6.494
021.115 ya ta anurut kukusing gêni | Ki Agêng Tarub mapan agêpah | arsa nututi garwane | cinandhak-candhak luput | sang kusuma datan anolih | wus muluk mring awiyat | lêpas tan kadulu | ki agêng kari anggana | tanpa jiwa anging garwane kaèksi | kang mantuk mring kayangan ||
021.116 ingkang putra kantun dèn tangisi | waspa mijil ingkang ingusapan | tansah dèn aras putrane | dhuh nyawa anak ingsun | anglampahi kawêlasasih | kapriye polahira | yèn arsa anusu | ana ngêndi ibunira | nulya emut yèn ingkang putra anangis | akarya pêpanggungan ||
021.117 pitungkase nulya dèn lakoni | wontên ingkang aran kayu gêtas [[f. 86v]] | amung lêlima kathahe | ingkang kinarya panggung | tan antara anulya dadi | luhur kang pêpanggungan | mrêrang kêtan wulung | sinaosakên ing ngandhap | arsa nusu jabang bayi sru anangis | sinambut mring kang rama ||
021.118 binakta minggah kang jabang yayi[1] | wus sinèlèhakên pêpanggungan | nulya tinilar putrane | kyai agêng tumurun | jabang bayi sangêt anangis | anulya ingobongan | mrêrang kêtan wulung | datan antara sêmona | kukus minggah kang ibu sigra nuruni | nêsêpi ingkang putra ||
021.119 nulya mênêng dènira anangis | kyai agêng eca ingkang manah | mratăndha prapta ibune | jabang bayi atutut | wus adangu dènnya nêsêpi | ingkang putra tinilar | sang rêtna dyan muluk | marang ing kayanganira | mung sapisan panêsêpe jabang bayi | sabên dina mangkana ||
021.120 datan arsa anusu ping kalih | iya naming sapisan kiwala | sabên-sabên ing wayahe | lare alit atutut | kawarnaa sampun alami | pan wus sadasa căndra | tan arsa anusu | agêlis agêng walagang | jabang bayi lir dinus ing toya urip | kang ibu mari prapta ||
021.121 wus katara yèn ayu linuwih | wrênanira sang rara winangwang | Dèwi Nawangsih namine | samana wayahipun | apan lagi jêbên atapih | sêdhêng pangrusak taman | kang rama winuwus | ki agêng asring asaba | wonawasa sêmona kasaput wêngi | kyai agêng nèng wona ||
021.122 nulya asare pinggiring kali | nuju wontên sela [[f. 87r]: se...la] kumalasa | punika kinarya sare | ing wayah lingsir dalu | nulya wontên syara mèngêti | ujare kang suwara | ki agêng ing Tarub | watu kang ginawe nendra | wruhanira ing ngisore mapan isi | bêndhe têngrêraning prang ||
021.123 iku uga têngrêrana benjing | yèn unine ana ngawang-awang | pratăndha mênang jurite | yèn nèng sor syaranipun | prayatnaa dèn ngati-ati | angantia yèn ngangkang | amagut prang pupuh | lawan iku turunêna | marang anak putunira ingkang wuri | nuli sira alapa ||
021.124 kyai agêng kagyèt sigra tangi | ingkang ginagas ujaring syara | kyai agêng sujud age | amuji ing Yyang Agung | kaping kalih muji ing nabi | dhinudhuk ngandhap sela | kang bêndhe katêmu | binakta mantuk ing wisma | ingkang bêndhe ginadhuhkên dhalang ringgit | aran Ki Dhalang Bicak ||
82–83 dari 650

 


bayi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.25.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.31.1). (kembali)