Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
21 dari 149
76–77 dari 650
760–769 dari 6.494
| 021.058 | aluwaran [[f. 80v]: aluwara...n] sang nata tinangkil | wus malêbêt kundur angadhatyan | widagdya nata prabune | risang nata cumundhuk | lawan putri ing Darawati | tan kawarna laminya | akaronron[1] lulut | samana anulya gêrah | saya sangêt rajasinganên sang aji | alami tan sineba || |
| 021.059 | datan ana usada nyênggangi | gêrahira sampun tigang căndra | pan dèrèng wontên sênggange | ing wayah têngah dalu | ana syara ingkang dumêling | sang nata amiyarsa | gêrahira ira iku |[2] yèn sira arsa waluya | gêrahira anganggea Wandhan Kuning | nulya wungu sang nata || |
| 021.060 | sawungune garjita ing galih | angandika marang ingkang garwa | anutur syara dêlinge | ingkang garwa umatur | gih kawula sri narapati | adarbe kang pawongan | Wandhan Kuning iku | babêktan sangking ing Cêmpa | wijilipun punika inggih kariyin | boyongan sangking Wandhan || |
| 021.061 | punika putri ing Wandhan Kuning | milanipun anèng nagri Cêmpa | duk kala Wandhan bêdhahe | anulya sang aprabu | punang Wandhan dipun sarèni | sapisan nulya waras | gêrahe sang prabu | laminira sri nalendra | anyarèni wanodya tan kadya mangkin | nikmate kang salira || |
| 021.062 | ya ta wawrat Rêtna Wandhan Kuning | sampun lami jangkêp ing sêmaya | sêksona babar putrane | jalu warnane bagus | cahyanira amindha sasi | sêdhêng lagi purnama | wus katur sang prabu | yèn Ni Wandhan Kuning babar | miyos jalu warnane tuhu apêkik | cahya kadi sêsăngka || |
| 021.063 | sigra pinundhut kang jabang bayi | ing sang nata anulya winangwang | nyata yèn bagus warnane [[f. 81r]] | angandika sang prabu | kinèn nimbalana tumuli | ing wong kajuru sawah | inggal kang ingutus | tan asuwe nulya prapta | juru sawah lumêbêt sajroning puri | ing ngarsa sri ing ngarsa sri nalendra |[3]| |
| 021.064 | Brawijaya angandika aris | dhatêng ingkang abdi juru sawah | juru jabang bayi kiye | sun paringkên sirèku | lah akunên anak sayêkti | ingsun tan mirsanana | sakarêp-karêpmu | juru sawah atur sêmbah | sarwi tănpa[4] nênggih ingkang jabang bayi | lèngsèr sangking ngajêngan || |
| 021.065 | ênêngêna wontên kocap malih | nyai agêng ing Tarub punika | satilarira kakunge | sêdaya wong ing Tarub | datan owah kadya ing nguni | ing pangidhêpanira | manjing anak putu | kala maksih ingkang raka | dadya mangke mapan taksih mundhi-mundhi | angalap bêrkatira || |
| 021.066 | Kyai Agêng Tarub sampun lami | sedanira dèrèng darbe putra | ki agêng gêdhe tapane | milane anak putu | nyai agêng pinundhi-pundhi | barkate ingkang raka | kang sinuwun-suwun | adhêpe maksih tan owah | marang nyai agêng ing Tarub anênggih | tanapi wong Sêsela || |
| 021.067 | duk sêmana nyi agêng winarni | anglêrêsi ing malêm Jumungah | dhepoke raka prênahe | ana katingal murub | sakêlapa agênge nênggih | dhukuh Tarub apadhang | lir siyang kadulu | nyi agêng kagèt tumingala |[5] lamun ana padhang dhepoke kang laki | pan sigra pinaranan || |
76–77 dari 650
| 1 | akaroron (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.175.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.175.7). Bandingkan: karon (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.36.7). (kembali) |
| 2 | Lebih dua suku kata: gêrahira iku. (kembali) |
| 3 | Lebih empat suku kata: ing ngarsa sri nalendra. Bandingkan: sigra praptèng ngayunan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.180.10); sigra prapta ngayunan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.180.10). (kembali) |
| 4 | tămpa. (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: nyi agêng kagèt tumingal. (kembali) |