Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 149
77–78 dari 650
763–772 dari 6.494
021.061 punika putri ing Wandhan Kuning | milanipun anèng nagri Cêmpa | duk kala Wandhan bêdhahe | anulya sang aprabu | punang Wandhan dipun sarèni | sapisan nulya waras | gêrahe sang prabu | laminira sri nalendra | anyarèni wanodya tan kadya mangkin | nikmate kang salira ||
021.062 ya ta wawrat Rêtna Wandhan Kuning | sampun lami jangkêp ing sêmaya | sêksona babar putrane | jalu warnane bagus | cahyanira amindha sasi | sêdhêng lagi purnama | wus katur sang prabu | yèn Ni Wandhan Kuning babar | miyos jalu warnane tuhu apêkik | cahya kadi sêsăngka ||
021.063 sigra pinundhut kang jabang bayi | ing sang nata anulya winangwang | nyata yèn bagus warnane [[f. 81r]] | angandika sang prabu | kinèn nimbalana tumuli | ing wong kajuru sawah | inggal kang ingutus | tan asuwe nulya prapta | juru sawah lumêbêt sajroning puri | ing ngarsa sri ing ngarsa sri nalendra |[1]|
021.064 Brawijaya angandika aris | dhatêng ingkang abdi juru sawah | juru jabang bayi kiye | sun paringkên sirèku | lah akunên anak sayêkti | ingsun tan mirsanana | sakarêp-karêpmu | juru sawah atur sêmbah | sarwi tănpa[2] nênggih ingkang jabang bayi | lèngsèr sangking ngajêngan ||
021.065 ênêngêna wontên kocap malih | nyai agêng ing Tarub punika | satilarira kakunge | sêdaya wong ing Tarub | datan owah kadya ing nguni | ing pangidhêpanira | manjing anak putu | kala maksih ingkang raka | dadya mangke mapan taksih mundhi-mundhi | angalap bêrkatira ||
021.066 Kyai Agêng Tarub sampun lami | sedanira dèrèng darbe putra | ki agêng gêdhe tapane | milane anak putu | nyai agêng pinundhi-pundhi | barkate ingkang raka | kang sinuwun-suwun | adhêpe maksih tan owah | marang nyai agêng ing Tarub anênggih | tanapi wong Sêsela ||
021.067 duk sêmana nyi agêng winarni | anglêrêsi ing malêm Jumungah | dhepoke raka prênahe | ana katingal murub | sakêlapa agênge nênggih | dhukuh Tarub apadhang | lir siyang kadulu | nyi agêng kagèt tumingala |[3] lamun ana padhang dhepoke kang laki | pan sigra pinaranan ||
021.068 sarêng prapta dhepoke kang laki | kagèt mulat wontên lare jabang | jalu abagus rupane | gupuh Nyi Agêng Tarub | dyan ingêmban kang jabang bayi | binêkta marang wisma | bungahe [[f. 81v]] kalangkung | anulya damêl wêngwêngjah[4] | pan adhikut lir pendah adarbe bayi | wong Tarub padha gita ||
021.069 nyai agêng yèn adarbe bayi | sakêlangkung ing gumatinira | angrumati ing putrane | sakèhe wong ing Tarub | nora pêgat ngaturi bêkti | sabên dina mangkana | anak putunipun | angratêngi sêkul ulam | siyang dalu tan pêgat ngingon-ingoni ngoni |[5] kadya wong darbe karya ||
021.070 cinarita dhusun Tarub nênggih | pitung dalu lawan pitung dina | apan tan ana pêtênge | syaranira gumuruh | sakêlangkung sukaning[6] galih | anak putu sadaya | kinèn mêlèk dalu | kalangkung dinama-dama | nyai agêng kapingin pêputra singgih | mangke sampun tinêkan ||
77–78 dari 650

 


1 Lebih empat suku kata: ing ngarsa sri nalendra. Bandingkan: sigra praptèng ngayunan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.180.10); sigra prapta ngayunan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.180.10). (kembali)
2 tămpa. (kembali)
3 Lebih satu suku kata: nyi agêng kagèt tumingal. (kembali)
4 wêwêjah. (kembali)
5 Lebih dua suku kata: siyang dalu tan pêgat ngingon-ingoni. (kembali)
6 Terdapat dobel sandangan: sukaning atau sukane. (kembali)