Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
23 dari 149
88–89 dari 650
872–881 dari 6.494
| 023.010 | panyêkêle si kakang tan yêkti | dede panyêkêle wong sêsanak | kaya wong ana karêpe | sang dyah alise putung | jroning manah asêmu runtik | pan katara ing nitya | tingale arêngu | arum wijiling wacana | sun watara si kakang angêmu wadi | sêmune wis katara || |
| 023.011 | dene têka angowah-owahi | isun iki pan nora kaduga | kaya wong awuru gênje | isun durung angrungu | wong adarbe sadulur èstri | ingkang kaya si kakang | nora angon sêmu | kaya wong mêndêm waragang | susar-susur têka pati nênanggapi | pagene sira kakang || |
| 023.012 | Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | sabda arum anglir guladrawa | gusti ariningsun anggèr | baya runtik wong ayu | wus wiyahe yayi wong urip | apraguyon prênesan | wong duwe sadulur | ana sêsikune apa | wong kêkadang kadar si sêdya punapi | wong duwe saudara || |
| 023.013 | ingkang raka dipun paleroki | mendah silih dadia wanodya | dene kathah ta gandêse | pan tingal têrusipun | ing paningal têrusing ati | duk nyêkêl astaningwang | sun wêtarèng kalbu | dudu panyêkêle sanak | lan [[f. 92v]: la...n] maninge sangsaya angêtarani | tingale tan pêsaja || |
| 023.014 | wicarane bisa namur sandi | isun mau duk nyêkêl ing sira | mapan ta isun kalalèn | sangking gupuh kaliru | tuna dukap riningsun gusti | nanggapi kang pawohan | dumadya kaliru | anyêkêl ing astanira | apuranên pun kakang atadhah runtik | pan nora sun têmaha || |
| 023.015 | isun kinarya sadulur èstri | mapan têmên-têmên atiningwang | ing lair trêrus batine | ingsun anggêp sadulur | marang dika dulur sayêkti | donya têkèng dêlahan | isun gawe tunggul | sadulur siji tur lanang | Radèn Lêmbu Pêtêng saurira manis | bênêr têka ing sira || |
| 023.016 | iya uga manira kang sisip | baya sampun jamake manusa | eling lali bubuhane | mau isun andulu | maring sira sakêdhap lali | nora kemutan sira | yèn sanak sadulur | pangrasanisun wong liya | ayunira amung yayi kang kaèsthi | datan kemutan kadang || |
| 023.017 | pasthi isun umatur ing kyai | yèn mêngkono kakang polahira | radèn mèsêm ing nalane | karsanira wong ayu | awêwarta dhatêng kiyai | ya ta kusuma rara | aglis nulya mantuk | sapraptanira ing wisma | nulya matur dhatêng kang rama sang yogi | matur ing solahira || |
| 023.018 | rama kawula wau angirim | mring pun kakang dhatêng ing pagagan | pun kakang awon tingkahe | datan mambu sadulur | pratikahe angatawisi | ing watawis kawula | kadi darbe kayun | anyêpêng ing asta kula | ingkang rama gumujêng sarwi [[f. 93r]] nauri | apa têmên mangkana || |
| 023.019 | ingkang rama angandika aris | mring kang putra muguh[1] kakangira | kayapriye pratingkahe | nimas rara umatur | mring kang rama amambu ati | yèn ta linadosana | awon tingkahipun | kang rama alon ngandika | mring kang putra nimas rara dèn bisiki | Ki Lêmbu Pêtêng ika || |
88–89 dari 650
| 1 | mungguh (dan di tempat lain). (kembali) |