Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
23–24 dari 149
89–90 dari 650
882–891 dari 6.494
| 023.020 | wruhanira lawan sira nini | Lêmbu Pêtêng jatine wong liya | dulur pêpagihan bae | wis aja sira tutur | lah sigêgên aja baribin | saandikaning rama | sang rêtna mituhu | ya ta ingkang kawarnaa | Radèn Lêmbu Pêtêng dhatêng sangking têgil | sarêng surup kang surya || |
| 023.021 | nèng pratapan kalane ing wêngi | Radèn Lêmbu Pêtêng datan pisah | anugil[1] lawan gurune | kyai agêng ing Tarub | anèng dhepok kalaning wêngi | samerade kang garwa | ki agêng kêkuwu | anèng ing dhepok pratapan | mung kang putra Sang Rêtna Ayu Nawangsih | ingkang sare ing wisma || |
| 023.022 | wus mangkana Ni Rara Nawangsih | pinanggihkên lan raja pinutra | pinasthi dadi jodhone | nimas rara ing Tarub | lawan putra ing Maospait | Lêmbu Pêtêng kang nama | tuhu lamun bagus | kang rayi ayu utama | wus apanggih sang rêtna lawan sang pêkik | tansah mijil kang waspa || |
| 24. Mijil | |
| 024.001 | Rêtna Nawangsih asêmu wingit | pan maksih karaos | kala sadèrèngira panggihe | dene wis manjing sudara wedi | mangke dadi laki | tan nyana sang ayu || |
| 024.002 | asmu merang ewa jroning galih | dèrèng sapatêmon [[f. 93v]] | dene manjing sadulur kakunge | nora nyana Ni Rara Nawangsih | kalamun akrami | angsal ing sadulur || |
| 024.003 | dèrèng carêm kang amindha Rahtih[2] | masih gung wirangrong | maksih ingantos lunture sihe | ingkang tansah kalangan prajaji | grah sangêt nglayadi | ki agêng ing Tarub || |
| 024.004 | Ki Agêng Tarub sampun ngêmasi | pinêtêk kang layon | wus prajangji sarêng pralenane | mring kang rayi kala maksih urip | tan salayèng kapti | ki agêng ing Tarub || |
| 024.005 | kang tinilar samya kawlasasih | tan ana kang momong | satilare kang rama wiyose | sang rêtna yu kang dèn arih-arih | mrih lunture kang sih | nimbangi ing kakung || |
| 024.006 | tan cinatur ingkang awor rêsmi | saru winiraos | ngamungêna caritane bae | jalu èstri animbangi kang sih | sangsaya alami | dènira atêmu || |
| 024.007 | sasedane kang rama winarni | gènira kararon[3] | ingkang mantu gêntosi linggihe | Radèn Lêmbu Pêtêng anuruni | gêntosi namèki | ki agêng ing Tarub || |
89–90 dari 650
| 1 | anunggil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 2 | Ratih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.3.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.3.1). (kembali) |
| 3 | karoron. Bandingkan: akaroron (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.24.2); akarongron (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.24.1). (kembali) |