Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
23 dari 149
87–88 dari 650
865–874 dari 6.494
023.003 rahadyan langkung anuwun kang sih | tan lênggana ing sakarsanira | anglampahi sapakone | sampun mangsud aguru | Radèn Lêmbu Pêtêng anênggih | gènira puruhita | mring Ki Agêng Tarub | kang akèn amangun tapa | kasabipun agaga lawan sêsabin | krêrana ing atapa [[f. 91v]: a...tapa] ||
023.004 Radèn Lêmbu Pêtêng kang winarni | sabên dika[1] asaba pagagan | anandur sakarêmêne | akathah kang tinandur | ing pagagan dinulu asri | apan mawi kiriman | mantuk sarêng surup | lagya rêmên saba têgal | andikane ing guru dipun lampahi | sabên dina mangkana ||
023.005 kawarnaa Ni Rara Nawangsih | ngajêngakên birai sandhangan | apantês salêlewane | sangsaya luwih ayu | lan kang ibu datan kêkalih | lir satu lan rimbagan | warnane dinulu | apan lagi turun pisan | Anawangsih lan kang ibu widadari | ingkang rama manusa ||
023.006 nimas rara ngajêngkên birai | warnanira lir gambar wangunan | tanpa tandhing ing ayune | yèn cinadra[2] sang ayu | luwih rupa pan kirang kawi | tan ana winaonan | ratuning wong ayu | sarira sawang parada | sapolahe kusuma agawe brangti | tansah karya wigêna ||
023.007 Kyai Agêng Tarub ngandika ris | lah kirimên rara kakangira | mêngko wis awan wayahe | sang rêtna amituhu | ya ta dandan Rara Nawangsih | lan sagêgawanira | wus agendhong sumbul | sarta lan ulame pisan | anadene asta kiwa nyangking kêndhil | ingkang têngên pawohan ||
023.008 kawarnaa kang wontên ing têgil | Radèn Lêmbu Pêtêng wus uninga | kalamun dhatêng arine | nuli mêntas agupuh | gêgawane kang dèn tampèni | pawohan tinanggapan | de kang raka sampun | kacêkêl astane kiwa | ingkag rayi rêngu [[f. 92r]] ing manah angliring | wong iki tan pêsaja ||
023.009 panyêkêle têka mabu[3] ati | owah lawan adade ing saban | si kakang kadingarène | anyêkêl tangan ingsun | kaya ana rasaning ati | lah iya ngêndi ana | wong duwe sadulur | saingga lamun wong liya | lah pagene si kakang têka nyêkêli | igih wontên punapa ||
023.010 panyêkêle si kakang tan yêkti | dede panyêkêle wong sêsanak | kaya wong ana karêpe | sang dyah alise putung | jroning manah asêmu runtik | pan katara ing nitya | tingale arêngu | arum wijiling wacana | sun watara si kakang angêmu wadi | sêmune wis katara ||
023.011 dene têka angowah-owahi | isun iki pan nora kaduga | kaya wong awuru gênje | isun durung angrungu | wong adarbe sadulur èstri | ingkang kaya si kakang | nora angon sêmu | kaya wong mêndêm waragang | susar-susur têka pati nênanggapi | pagene sira kakang ||
023.012 Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | sabda arum anglir guladrawa | gusti ariningsun anggèr | baya runtik wong ayu | wus wiyahe yayi wong urip | apraguyon prênesan | wong duwe sadulur | ana sêsikune apa | wong kêkadang kadar si sêdya punapi | wong duwe saudara ||
87–88 dari 650

 


1 dina. Bandingkan: sadina-dina (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.61.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.61.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.81.2; Babad Dêmak, Dewabrata, Pupuh 3.30.2). (kembali)
2 cinăndra (Babad Dêmak, Dewabrata, Pupuh 3.32.4). (kembali)
3 mambu. (kembali)