Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
24 dari 149
89–90 dari 650
885–894 dari 6.494
| 24. Mijil | |
| 024.001 | Rêtna Nawangsih asêmu wingit | pan maksih karaos | kala sadèrèngira panggihe | dene wis manjing sudara wedi | mangke dadi laki | tan nyana sang ayu || |
| 024.002 | asmu merang ewa jroning galih | dèrèng sapatêmon [[f. 93v]] | dene manjing sadulur kakunge | nora nyana Ni Rara Nawangsih | kalamun akrami | angsal ing sadulur || |
| 024.003 | dèrèng carêm kang amindha Rahtih[1] | masih gung wirangrong | maksih ingantos lunture sihe | ingkang tansah kalangan prajaji | grah sangêt nglayadi | ki agêng ing Tarub || |
| 024.004 | Ki Agêng Tarub sampun ngêmasi | pinêtêk kang layon | wus prajangji sarêng pralenane | mring kang rayi kala maksih urip | tan salayèng kapti | ki agêng ing Tarub || |
| 024.005 | kang tinilar samya kawlasasih | tan ana kang momong | satilare kang rama wiyose | sang rêtna yu kang dèn arih-arih | mrih lunture kang sih | nimbangi ing kakung || |
| 024.006 | tan cinatur ingkang awor rêsmi | saru winiraos | ngamungêna caritane bae | jalu èstri animbangi kang sih | sangsaya alami | dènira atêmu || |
| 024.007 | sasedane kang rama winarni | gènira kararon[2] | ingkang mantu gêntosi linggihe | Radèn Lêmbu Pêtêng anuruni | gêntosi namèki | ki agêng ing Tarub || |
| 024.008 | wus alami Rêtna Anawangsih |[3] dènira kalaron[4] | wus awawrat tri wulan lamine | sang dyah ayu citrani amanis | lir wulan kang mijil | cahyane sumunu || |
| 024.009 | sampun jangkêp sêmayaning uni | gènira ambabot | ya ta ambabar jabang bayine | miyos jalu warnane apêkik | cahyane dumêling | lir wulan awêlu || |
| 024.010 | rama ibu langkung dènira sih | kang putra ingêmong | ya ta sampun sêdhêng panyapihe | sang rêtna yu nulya wawrat malih | babar [[f. 94r]] miyos èstri | manis yèn dinulu || |
89–90 dari 650
| 1 | Ratih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.3.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.3.1). (kembali) |
| 2 | karoron. Bandingkan: akaroron (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.24.2); akarongron (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.24.1). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: wus alami Sang Rêtna Nawangsih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.25.1). (kembali) |
| 4 | kaloron. (kembali) |