Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
24–25 dari 149
90 dari 650
891–900 dari 6.494
| 024.007 | sasedane kang rama winarni | gènira kararon[1] | ingkang mantu gêntosi linggihe | Radèn Lêmbu Pêtêng anuruni | gêntosi namèki | ki agêng ing Tarub || |
| 024.008 | wus alami Rêtna Anawangsih |[2] dènira kalaron[3] | wus awawrat tri wulan lamine | sang dyah ayu citrani amanis | lir wulan kang mijil | cahyane sumunu || |
| 024.009 | sampun jangkêp sêmayaning uni | gènira ambabot | ya ta ambabar jabang bayine | miyos jalu warnane apêkik | cahyane dumêling | lir wulan awêlu || |
| 024.010 | rama ibu langkung dènira sih | kang putra ingêmong | ya ta sampun sêdhêng panyapihe | sang rêtna yu nulya wawrat malih | babar [[f. 94r]] miyos èstri | manis yèn dinulu || |
| 25. Dhandhanggula | |
| 025.001 | dadya amung aputra kêkalih | ingkang sêpuh jalu winastanan | Kyagêng Gêtaspêndhawane | ingkang rayi winuwus | sampun krama angsal Kiyai | Agêng Ngrêrang punika | dènnya krama antuk | datanapi ingkang raka | Kyai Agêng Gêtaspandhawa wus krami | atut gènnya kêkadang || |
| 025.002 | sasampune apêputra kalih | Kyai Agêng Tarub kang winarna | tan tulus momong putrane | cinupêt jênêngipun | wus pinasthi dening Yang Widi | samana sampun seda | sigêgên ing Tarub | kocapa nagara Dêmak | sampun rêmbak sakathahe para wali | angadêgakên nata || |
| 025.003 | angrabasèng kitha Majapait | apan wênang angrusak ing kopar | kang para wali karsane | Dupati[4] Bintarèku | kang kinarya ratu agami | Susunan Giripura | angidèni sampun | Sunan Gunungjati prapta | Sunan Bonang wus anèng ing Dêmak sigih | miwah para dipatya || |
| 025.004 | ingkang kilèn sadaya wus prapti | kang Sinuhun Bonang parêmbagan | ingkang tinuduh ing gawe | nênggih Susunan Ngundung | senapati angirid baris | budhal sangking ing Dêmak | kang wadya gumuruh | ingkang kantun parêmbagan | para wali karsa akarya samigit[5] | para wali bubuhan || |
| 025.005 | kawarnaa kang lumampah jurit | Sunan Ngundung lan para dipatya | prapta ing Majapaite | wêrnanên sang aprabu | amiyarsa gêgaman prapti | èstu lamun kang putra | kang ngrabasèng pupuh | angungun Sang Brawijaya | angundhangi ing [[f. 94v]] wadya kinèn miranti | mêthuka ing ayuda || |
| 025.006 | adipati ing Trêrung anênggih | kang kinarya senapatining prang | lan Patih Gajahmadane | katri Rahadèn Gugur | putranira sri narapati | wus campuh kang ayuda | Adipati Trêrung | kalakung dene prawira | pangamuke wadyabala Majapait | lir dênawa mamăngsa || |
90 dari 650
| 1 | karoron. Bandingkan: akaroron (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.24.2); akarongron (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.24.1). (kembali) |
| 2 | Bandingkan: wus alami Sang Rêtna Nawangsih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.25.1). (kembali) |
| 3 | kaloron. (kembali) |
| 4 | Dipati (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 25.30.4). (kembali) |
| 5 | masigit. Bandingkan: masjid (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 25.31.9). (kembali) |