Tembang macapat

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322 a), 1805, #1046

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322 a), 1805, #1046

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3–4 dari 4
8–9 dari 35
72–81 dari 348
3.004 kang anyadra[1] ing Gunung Marapi | bramana lêbu gêni punika |[2] Wukir Pêndhêm sêngkalane | sara para candrèku |[3] Wukir Èngêl sêngkalanèki | amănca nrus ing lêmah |[4] Wukir Murya ngetung | anênggih bahning pawaka | Wukir Bancak kurungan isinya pêksi | ing Lawu catur muka ||
3.005 sirnaning wiku ing Gunung Sumbing | ala ulu roro kang bujăngga | ing gunung anyar babade | bahning awarna kukus | Gunung Wilis dèn sêngkalani | karoya sêmpal ika |[5] myang ing Wukir Kidul | gunaning wong yèn ingetang | jênêngipun kiyai ing Dhandhanggêndhis | solot ginuron ing rat ||
3.006 ing wana gungan dèn sêngkalani | kalèthèk rêke palêngan tiba | darmèng kaênêngan make[6] | wong papat madêg ratu | sêngkalane dawêg kinardi | tuwin ing Singasêkar | sasêngkalanipun | ratu kacidrèng paprêman | Candhi Maling mati kênya surèngpati | babadipun sêmana ||
3.007 sêngkalane Candhi Kalibêning | bramana iku anăngga wulan |[7] Candhi Sèwu sêngkalane | naga bujăngga buntut | tunggal [[f. 31v]: tung...gal] uga ing Wukir Tasik |[8] liman pêjah wantilan | dene ing Siguruh | biksu nêm tasiking jalma |[9] sêngkalane duk ngancik kawah kariyin | yya pêgat ajèkêna ||
3.008 têlaga pawinihan anênggih | sêngkalane kala winastanan | kaya buta ing rêbahe | anèng bumi pinetung |[10] wontên dening Têlaga Pêning | apan agawa lêstra | naut ing kunipun | ranu kuning kuda pêjah | apituwin babade Têlaga Pasir | apan wêdhung sumăndha ||
3.009 têlaga mangêbêl babadirèki |[11] nênggih rêke putri winisaya | dening jalma ing babade | myang mandhala ing kulur | toya ngapit ing guwa nênggih | duk Ni Sêkati pêjah | ing sêngkalanipun | kênya palêstra abrăngta | ing kumitir kaya buta naut siti |[12] sêngkalane sêmana ||
3.010 duk masa jagung dèn sêngkalani | nênggih wiku wiwara tumingal | mandha ing katong ta mangko |[13][14] sêngkalane winuwus | naga mati ing kartèng bumi |[15] tuwin ing Majagêtar | ing sêngkalanipun | watu mungal katon tunggal |[16] ing Kumitir sêngkalane duk kinardi | lir maha jaladara ||
3.011 duk pênabin dipun sêngkalani | kadya bahning paningale tunggal |[17] ing Bali ika babade | bujong ro jalmèku |[18][19] tunggil guntur ing watu ardi | guna biksu katingal | ing jalma winuwus |[20] têlas kang amawi têmbang | têrangêna ing tutur sêngkala dhingin | bari sira jèkêna ||
4. Dhangdhang[21]
4.001 sêngkala rêke manira ngawi | sun aetang [[f. 31r]] babading nagara | sêngkalane bumi kabèh | têkan babading gunung | mung kêkidung lawan kêkawin | purwane babad sabrang | kang minăngka paku | duk Ajisaka ngêjawa | anèng Jawa jumênêng sri narapati | anèng Mêdhangkamulyan ||
4.002 tan wruh cacadên rungsiting Kawi | sun amurwa babading sêngkala | pêksi srêngkara têmbange | gêmpuring Majalangu | sirna ilang krêtining bumi |[22] jênênge artadaya | bahning mati ngranu | jalma putra ing toh jiwa |[23] nèng turăngga pralena ing jalanidi | sacăndra duk ingetang |[24]|
8–9 dari 35

 


anyandra. Bandingkan: anyăndra (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.13.1). (kembali)
Tanggal: bramana lêbu gêni punika (S 138). Tahun Masehi: 216–7. (kembali)
Tanggal: sara para candrèku (S 135). Tahun Masehi: 213–4. (kembali)
Tanggal: amănca nrus ing lêmah (S 195). Tahun Masehi: 273–4. (kembali)
Tanggal: karoya sêmpal ika (S 162). Tahun Masehi: 240–1. (kembali)
mangke. (kembali)
Tanggal: bramana iku anăngga wulan (S 1218). Tahun Masehi: 1296–7. Bandingkan: bujanggèku anêmbah ing bumi (S 1218) (Cênthini, Kamajaya, Pupuh 694.25.9). (kembali)
Tanggal: naga bujăngga buntut tunggal (S 1188). Tahun Masehi: 1266–7. Bandingkan: naga iku angrusak jagad (S 1018) (Cênthini, Kamajaya, Pupuh 694.25.6). (kembali)
Tanggal: biksu nêm tasiking jalma (S 1467). Tahun Masehi: 1545–6. (kembali)
10 Tanggal: kaya buta ing rêbahe anèng bumi (S 1453). Tahun Masehi: 1531–2. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: tlaga mangêbêl babadirèki. (kembali)
12 Tanggal: kaya buta naut siti (S 1353). Tahun Masehi: 1431–2. (kembali)
13 Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali)
14 Tanggal: wiku wiwara tumingal mandha ing katong (S 1297). Tahun Masehi: 1375–6. (kembali)
15 Tanggal: naga mati ing kartèng bumi (S 1408). Tahun Masehi: 1486–7. (kembali)
16 Tanggal: watu mungal katon tunggal (S 1371). Tahun Masehi: 1449–50. Lihat juga: Cênthini, Kamajaya, Pupuh 694.26.8. (kembali)
17 Tanggal: kadya bahning paningale tunggal (S 1233). Tahun Masehi: 1311–2. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: bujăngga ro jalmèku. (kembali)
19 Tanggal: bujong [bujăngga] ro jalmèku (S 1128). Tahun Masehi: 1206–7. (kembali)
20 Tanggal: guna biksu katingal ing jalma (S 1373). Tahun Masehi: 1451–2. (kembali)
21 Dhandhanggula. Tidak jelas mengapa ada pupuh baru Dhandhanggula, mengingat pupuh sebelumnya juga Dhandhanggula. (kembali)
22 Tanggal: sirna ilang krêtining bumi (S 1400). Tahun Masehi: 1478–9. (kembali)
23 Tanggal: bahning mati ngranu jalma (S 1403). Tahun Masehi: 1481–2. (kembali)
24 Tanggal: turăngga pralena ing jalanidi sacăndra (S 1407). Tahun Masehi: 1485–6. (kembali)