Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 258
135–136 dari 810
1.344–1.353 dari 8.099
040.43 anglir sêkar sêtaman kaèksi | sri bupati anitih dipăngga | pan sampun lêpas lampahe | ing marga tan winuwus | ing Carêbon pan sampun prapti | ing dhukuh Kalijaga | wus panggih sang wiku | sultan mangaras suku sang | mangusapi ing lêbu sri narapati | mangrêpa aturira ||
040.44 binoyongan mring Dêmak nêgari | tan lênggana wau sang pandhita | nalika pasugatane | printahing pra wadya gung | sami ngadhêp ambêng pribadi | para dipati samya | punggawa gung-agung | lurah pêkathik sêdaya | kang sinuwun angliwêt amung sakêndhil | kêndhil Siyêm arannya ||
040.45 bêkta solèt dhatêng sang ayogi | ngêdhuk liwêt ing ngarêpanira | pra dipati dhewe-dhewe | miwah sawadyanipun | datan têlas liwêt sakêndhil | tuwuk wong tigang lêksa | pan maksih kinêdhuk | parandene datan têlas | kramatira anênggih sang maha yêkti | langkung nikmating raga ||
040.46 sampun kering wau sang ayogi | praptèng [1: 214: pra...ptèng] Dêmak ingaturan papan | singa kang dèn karsakake | amilih Kadilangu | dhukuh ingkang awon pribadi | kang bêcik datan arsa | milih Kadilangu | ya ta ingkang kawarnaa | sri natendra apan nênêm putranèki | ingkang sêpuh wanodya ||
040.47 krama angsal Kyai Langgar singgih | putranira Kyai Agêng Sampang | panênggak jalu wastane | Pangeran Arya Bagus | nuntên arinira pawèstri | krama angsal Pangeran | Kalinyamat iku | ya ta ingkang kawarnaa | èstri malih aran Ratu Kambang singgih | warnanira yu endah ||
040.48 èstri malih pinanggihkên singgih | lawan Radèn Jaka Tingkir mangkya | tinanêm ing Pajang mangke | warujunira jalu | pinaraban dene sang aji | Dèn Mas Timur punika | warnanira bagus | kang rayi jalu jêng sultan | Pangran Seda ing Kali putra sawiji | aran Arya Pênangsang ||
040.49 wus tinanêm ing Jipang nêgari | aran Arya Pênangsang ing Jipang | ing Pajang kang winiraos | ing kidul kilèn Butuh | binabadan sawetan Pêngging | ingkang kinarya kutha | kathah kang tut pungkur | wus dadya nêgara arja | duk sêmana Jêng Sultan Dêmak ngêmasi | ing Pajang madêg nata ||
040.50 sinêngkalan adêging nêrpati | sarêng lawan sedane jêng sultan | tri lunga mănca bumine |[1] putra Dêmak winuwus | wus tinanêm dipati mukmin | nami Sunan Prawata | putra kang waruju | wus binêkta marang Pajang | gya tinanêm anèng Madiun nêgari | ya ta kang cinarita ||
040.51 pusaka [1: 215: pu...saka] Dêmak wus dipun bêktani |[2] marang Pajang tan ana suwala | sami ajrih digdayane | pinêsthi gênti pulung | suyud kabèh para dipati | dene Ki Mas Amănca | kya patih jêjuluk | Tumênggung Măncanêgara | ababêngkok salêksa nêm èwu mukti | Wuragil lan Ki Wila ||
040.52 pan kinarya bupati jro sami | pan Ki Wila aran Wilamarta | gangsal èwu pilênggahe | Ki Buyut Banyubiru | apan tulus pinundhi-pundhi | apan Buyut Majasta | tulus pinisêpuh | Ki Gêdhe Butuh sêmana | putranira dadi sêntananing aji | lawan jinunjung nama ||
135–136 dari 810

 


1 Tanggal: tri lunga mănca bumine (1503). (kembali)
2 Lebih satu suku kata: pusaka Dêmak dipun bêktani. (kembali)