Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
42 dari 258
143 dari 810
1.421–1.430 dari 8.099
| 042.28 | Sultan Pajang angandika | dene ta kurang sathithik | sun awèh pakaning gagak | wau Radèn Angabèi | Loring Pasar miyarsi | ana aja salah dudu | wiwit dènnya graita | pan sarwi amandêng liring | kang pinandêng sasolahe Arya Jipang || |
| 042.29 | rêngu ciptane mangkana | kagila-gila wong iki | kaya ta lêlanang jagat | arêp ngayoni kiyai | dhuh-adhuh tak tandangi | yèn dèn ajanana ingsun | Sunan Kudus ngandika | lah uwis padha dèn aris | aja ana micara kang ora-ora || |
| 042.30 | balik payo pagunêman | ing ngèlmu rasa puniki | mumpung pêpak pra dipatya | anulya saosan mijil | ya ta dhaharan sami [1: 228: sa...mi] | nèng ngarsane sang awiku | ambênge sowang-sowang | sawusnya linorod sami | ya ta lajêng binage ing wadyanira || |
| 042.31 | tan antara dangunira | luwaran makuwon sami | ya ta ingkang kawarnaa | praptane Rêkyana Patih | Măncanêgara singgih | lan mantri punggawa agung | sêntana sinang arya | nusul ing wuri gung prapti | tigang lêksa kang gêgaman kathahira || |
| 042.32 | kêjawi para dipatya | măncanêgara pasisir | gumêrah tanpa wilangan | mangkana sri narapati | pakuwonira ngalih | bumi Bintara rinêngkuh | ing dhusun Pajimatan | lor wetan kutha gonnèki | ambêlabar pakuwone wadya Pajang || |
| 042.33 | wongira Ki Pêmanahan | sêntana Sêsela prapti | apan sampun winangsitan | sadhiya gêgaman jurit | ya ta sri narapati | ing Pajang têtuwi gupuh | mring wukir Danaraja | Pêmanahan datan kari | ing pêrnahe mangun tapa ingkang raka || |
| 042.34 | anèng wukir Danaraja | datan kawarna ing margi | prapta wukir Danaraja | kang raka dènnya manggihi | êlêt gubah sakêlir | apan maksih sinjang rambut | kang rayi aturira | kakang bok sinjanga aglis | Nimas Ratu Kalinyamat angandika || |
| 042.35 | manira tan arsa sinjang | yèn durung ana nyanggupi | matèni Si Arya Jipang | praptaa kiyamat yayi | kang rayi matur aris | kawula ingkang sumanggup | kakang bok asinjanga | kawula ingkang nyanggupi | dipun inggal kundura mring Kalinyamat || |
| 042.36 | Nimas Ratu [1: 229] Kalinyamat | ngandika marang kang rayi | sira kang akon maringwang | sayêkti manira tapih | nanging ta ujar mami | dèn kêlakon yayi tuhu | kang raka nulya sinjang | kang rayi sigra wotsari | Ki Pênjawi Pêmanahan awotsêkar || |
| 042.37 | mojar Ratu Kalinyamat | yèn ingsun sira prih mulih | iya marang Kalinyamat | kakangira salah siji | yèn ora Si Pênjawi | Pêmanahan ingsun jaluk | ngatêrna marang ingwang | sang nata ngandika aris | lah ki raka kang tuwa sira dhèrèkna || |
143 dari 810