Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
42 dari 258
142–143 dari 810
1.414–1.423 dari 8.099
| 042.21 | kèndêl ing pasowan jaba | tan mawi bêkta wadya lit | saking gugup tinimbalan | upacara datan mawi | kêpraboning nêrpati | sêdaya tinilar pungkur | mèsêm Arya Pênangsang | atur sêmbah sigra mijil | praptèng jawi ningsêti paningsêtira || |
| 042.22 | ciptanira ing wardaya | ing Pajang Sri Narapati | arsa ginoco ing mangkya | lawan dhuwunge pribadi | prapta paseban panggih | ya ta sêsalaman sampun | Arya Jipang turira | kakang mas sami bêsuki | wontên karsa prapta ing Kudus nêgara || |
| 042.23 | yayi mas laku manira | tinimbalan ing sang yogi | milane pun kakang gêpah | tan nganti gawa wadya lit | kinarsan rêmbug ngèlmi | pramila manira gupuh | datan anggawa bala | miwah kêprabon nêrpati | ya ta mèsêm Ki Arya Jipang lingira || |
| 042.24 | kang tuwan wangking punika | kakang mas dhuwung kang pundi | kawula arsa uninga | Sultan Pajang têka gampil | sinungkên kang sawiji | kang sawiji maksih kantun | tinampan mring ki arya | kang dhuwung lajêng tinarik | lah kakang mas punapa mandi punika || |
| 042.25 | Ki Pênjawi Pêmanahan | sarwi nyikut dhuwungnèki | sarta mangsit dhatêng [1: 227: dha...têng] sultan | wêntise jinawil-jawil | kangjêng sultan gya narik | cêcothène Ki Carubuk | sarwi lon angandika | adhi tan kadi puniki | pun Carubuk ampuhe kagila-gila || |
| 042.26 | Ngabèi Saloring Pasar | dhuwunge pinipit-pipit | netrane kumêdhèp tismak | Pêmanahan lan Pênjawi | sami prayitnèng wèsthi | dhuwunge tansah sinikut | miwah wadya tamtama | prasami prayitnèng wèsthi | ciptanira sêdaya sarêng pralaya || |
| 042.27 | kari gêcose kewala | Sunan Kudus sigra prapti | lah ta iki kadar apa | wong agung padha bêlantik | age sarungna kalih | saru tiningalan iku | sinarungakên nulya | Pangran Jipang angling aris | mèh saêmèh gon ingsun agawe răndha || |
| 042.28 | Sultan Pajang angandika | dene ta kurang sathithik | sun awèh pakaning gagak | wau Radèn Angabèi | Loring Pasar miyarsi | ana aja salah dudu | wiwit dènnya graita | pan sarwi amandêng liring | kang pinandêng sasolahe Arya Jipang || |
| 042.29 | rêngu ciptane mangkana | kagila-gila wong iki | kaya ta lêlanang jagat | arêp ngayoni kiyai | dhuh-adhuh tak tandangi | yèn dèn ajanana ingsun | Sunan Kudus ngandika | lah uwis padha dèn aris | aja ana micara kang ora-ora || |
| 042.30 | balik payo pagunêman | ing ngèlmu rasa puniki | mumpung pêpak pra dipatya | anulya saosan mijil | ya ta dhaharan sami [1: 228: sa...mi] | nèng ngarsane sang awiku | ambênge sowang-sowang | sawusnya linorod sami | ya ta lajêng binage ing wadyanira || |
142–143 dari 810