Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42–43 dari 258
143–144 dari 810
1.427–1.436 dari 8.099
042.34 anèng wukir Danaraja | datan kawarna ing margi | prapta wukir Danaraja | kang raka dènnya manggihi | êlêt gubah sakêlir | apan maksih sinjang rambut | kang rayi aturira | kakang bok sinjanga aglis | Nimas Ratu Kalinyamat angandika ||
042.35 manira tan arsa sinjang | yèn durung ana nyanggupi | matèni Si Arya Jipang | praptaa kiyamat yayi | kang rayi matur aris | kawula ingkang sumanggup | kakang bok asinjanga | kawula ingkang nyanggupi | dipun inggal kundura mring Kalinyamat ||
042.36 Nimas Ratu [1: 229] Kalinyamat | ngandika marang kang rayi | sira kang akon maringwang | sayêkti manira tapih | nanging ta ujar mami | dèn kêlakon yayi tuhu | kang raka nulya sinjang | kang rayi sigra wotsari | Ki Pênjawi Pêmanahan awotsêkar ||
042.37 mojar Ratu Kalinyamat | yèn ingsun sira prih mulih | iya marang Kalinyamat | kakangira salah siji | yèn ora Si Pênjawi | Pêmanahan ingsun jaluk | ngatêrna marang ingwang | sang nata ngandika aris | lah ki raka kang tuwa sira dhèrèkna ||
042.38 sigra kundur Sri Narendra | Pêmanahan ingkang kari | angatêr mring Kalinyamat | lampahira sampun prapti | ya ta kang saking wukir | ing Kalinyamat wus rawuh | samya apagunêman | Pêmanahan kang tinari | dhatêng nimas ratu ingkang agung brăngta ||
43. Asmaradana
043.01 lah yayi sira sun tari | amrih nuli kêlakona | ubayane yayi katong | bokmênawa dilêlawas | priye pênagih ingwang | kayaparan polah ingsun | pakewuh pênagih ingwang ||
043.02 Pêmanahan aturnya ris | mênawi parênging karsa | amrih inggal kêlakone | pêjahipun Arya Jipang | inggih gampil kewala | apan wontên saratipun | wantune rayi paduka ||
043.03 inggih ing dintên puniki | rayi dalêm aturana | paduka masang wong wadon | warnanipun ingkang pelak | kang ngungkuli wong kathah | angadhanga anèng pintu | sakêdhap nuntên ngicala ||
043.04 yèn sang nata [1: 230: na...ta] aningali | dhatêng wanodya kang endah | watak arinta sang katong | sayêkti sami sêkala | mêdal saguhanira | sênadyan agêmpur gunung | angêsatêna samodra ||
043.05 sayêkti kêlakon nuli | tangkêpa sakêthi ngarsa | salêksa kanan keringe | pêsthi lamun sinaguhan | dhatêng rayi paduka | lajêng angawaki pupuh | amêngsah pun Arya Jipang ||
143–144 dari 810