Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
42–43 dari 258
143–144 dari 810
1.425–1.434 dari 8.099
| 042.32 | kêjawi para dipatya | măncanêgara pasisir | gumêrah tanpa wilangan | mangkana sri narapati | pakuwonira ngalih | bumi Bintara rinêngkuh | ing dhusun Pajimatan | lor wetan kutha gonnèki | ambêlabar pakuwone wadya Pajang || |
| 042.33 | wongira Ki Pêmanahan | sêntana Sêsela prapti | apan sampun winangsitan | sadhiya gêgaman jurit | ya ta sri narapati | ing Pajang têtuwi gupuh | mring wukir Danaraja | Pêmanahan datan kari | ing pêrnahe mangun tapa ingkang raka || |
| 042.34 | anèng wukir Danaraja | datan kawarna ing margi | prapta wukir Danaraja | kang raka dènnya manggihi | êlêt gubah sakêlir | apan maksih sinjang rambut | kang rayi aturira | kakang bok sinjanga aglis | Nimas Ratu Kalinyamat angandika || |
| 042.35 | manira tan arsa sinjang | yèn durung ana nyanggupi | matèni Si Arya Jipang | praptaa kiyamat yayi | kang rayi matur aris | kawula ingkang sumanggup | kakang bok asinjanga | kawula ingkang nyanggupi | dipun inggal kundura mring Kalinyamat || |
| 042.36 | Nimas Ratu [1: 229] Kalinyamat | ngandika marang kang rayi | sira kang akon maringwang | sayêkti manira tapih | nanging ta ujar mami | dèn kêlakon yayi tuhu | kang raka nulya sinjang | kang rayi sigra wotsari | Ki Pênjawi Pêmanahan awotsêkar || |
| 042.37 | mojar Ratu Kalinyamat | yèn ingsun sira prih mulih | iya marang Kalinyamat | kakangira salah siji | yèn ora Si Pênjawi | Pêmanahan ingsun jaluk | ngatêrna marang ingwang | sang nata ngandika aris | lah ki raka kang tuwa sira dhèrèkna || |
| 042.38 | sigra kundur Sri Narendra | Pêmanahan ingkang kari | angatêr mring Kalinyamat | lampahira sampun prapti | ya ta kang saking wukir | ing Kalinyamat wus rawuh | samya apagunêman | Pêmanahan kang tinari | dhatêng nimas ratu ingkang agung brăngta || |
| 43. Asmaradana | |
| 043.01 | lah yayi sira sun tari | amrih nuli kêlakona | ubayane yayi katong | bokmênawa dilêlawas | priye pênagih ingwang | kayaparan polah ingsun | pakewuh pênagih ingwang || |
| 043.02 | Pêmanahan aturnya ris | mênawi parênging karsa | amrih inggal kêlakone | pêjahipun Arya Jipang | inggih gampil kewala | apan wontên saratipun | wantune rayi paduka || |
| 043.03 | inggih ing dintên puniki | rayi dalêm aturana | paduka masang wong wadon | warnanipun ingkang pelak | kang ngungkuli wong kathah | angadhanga anèng pintu | sakêdhap nuntên ngicala || |
143–144 dari 810