Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
43–44 dari 258
149 dari 810
1.481–1.490 dari 8.099
043.50 Ki Arya Pênangsang yayi | gampang yèn tinikêl nalar | ika wong doyan kuwanèn | nora kêna mambu tantang | iya lamun tinantang | pêsthine tan tolih batur | watake Si Arya Jipang ||
043.51 yèn wis têmu padha siji | apa ingkang kinajrihan | sira karubutên roro | lah iya kaya punapa | wong siji tan rubuha | dudu Menak Jayèngsatru | pan iku Si Arya Jipang ||
043.52 Ki Pêmanahan Pênjawi | duk miyarsa wuwusira | kalihe tyasira bolong | angadêg suraning nala | pan asru wuwusira | yèn mêkatên nalaripun | suwawi yuda kênaka ||
44. Pangkur
044.01 manira darma lumampah | pêkênira kakang ingkang botohi | amrih prayoganing [1: 237: prayoga...ning] laku | Ki Juru angandika | lah ta uwis matura marang sang prabu | prakara ing lakunira | adhi ingsun kang botohi ||
044.02 prakarane ing ayuda | luwih-luwih yayi ingkang botohi | carita jaman karuwun | prange Sata Kurawa | aprang lawan Pêndhawa mungsuh ji sèwu | kêdhik botohe utama | Pêndhawa mênang kang jurit ||
044.03 adoh-adoh kang dèn ucap | Dêmak bae kêlawan Majapait | gêdhe nagri Majalangu | suprandene kasoran | nagri Dêmak Sunan Bonang botohipun | prakara ing lakunira | sapakolèh padha cilik ||
044.04 Ki Pênjawi Pêmanahan | sigra marak dhatêng rêkyana patih | prapta ing pakuwon sampun | panggih lawan ki patya | sampun katur ing sakarsa-karsanipun | ki patih sarêng miyarsa | kêlangkung suka ing galih ||
044.05 bênêr kakang karo pisan | wong ngawula darbe pangrasa yêkti | eling dèn andêl ing ratu | dene kalah mênangnya | kang kagungan jaya pan inggih sang prabu | aja ina wong ngawula | kakang eling wong têliti ||
044.06 dene kang para dipatya | tanpa ngrasa kakang ingsun arani | padha ki saêndhasipun | atine ati năngka | isi bêton yèn pinangan dadi êntut | eman leyangan kêndhaga | lah kakang sun bêkta aglis ||
044.07 marêk dhatêng sri narendra | wus umarêk katiga sampun prapti | nèng ngarsane sang aprabu | katiga ingandikan | praptèng ngarsa kyana patih [1: 238: pa...tih] nêmbah matur | pun kakang kalih punika | purun tinandhing ajurit ||
149 dari 810