Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
43 dari 258
144–145 dari 810
1.436–1.445 dari 8.099
043.05 sayêkti kêlakon nuli | tangkêpa sakêthi ngarsa | salêksa kanan keringe | pêsthi lamun sinaguhan | dhatêng rayi paduka | lajêng angawaki pupuh | amêngsah pun Arya Jipang ||
043.06 utawi punika nuding | mring mantri punggawanira | lumampah lan ganjarane | sang rêtna lêga tyasira | pan sarwi angandika | iya yayi duwe ingsun | wanodya kang luwih endah ||
043.07 abênêr rèhira yayi | sira yayi ingsun ganjar | li-ali mirah ta kiye | aran si mênjangan abang | mapan iki wasiyat | Pêmanahan nêmbah matur | nuwun sampun tinampanan ||
043.08 sira yayi ingsun tuding | yayi prabu aturana | mring Kalinyamat ing kene | lèngsèr prapta pêsanggrahan | tumamèng ngabyantara | umatur wawêlingipun | Nimas Ratu Kalinyamat ||
043.09 Sultan Pajang angling aris | lah iya kakang ing benjang | dhasar niyat ingsun dhewe | mring Kalinyamat laminya | tigang dina laminya | enjing mangkat sang aprabu | datan kawarna ing marga ||
043.10 ing Kalinyamat wus prapti | nimas ratu wus amasang | wanodya anèng korine | kinèn siyaga kang endah | ing kono adhakona | asinjanga garbong wungu | kêmbêne jingga rinenda ||
043.11 yèn sang nata praptèng kori [1: 231: ko...ri] | api-api kêpapaga | nuli mirea dèn age | sarwi anolèh-nolèha | wingkisên lathinira | aja lèrèn aja gupuh | lan kincangên imbanira ||
043.12 tan antara nulya prapti | gumêrah upacaranya | kang ponang wadya wus manggon | upacara tinêrajang | sultan kagèt tumingal | pinandêng sarwi lumaku | lakune datan rêkasa ||
043.13 apan ora pati têbih | nolèh-nolèh lampahira | sarwi angincang alise | mangkana sri naradipa | kasmaran ing wardaya | kang raka anulya mêthuk | wus sami lênggah atata ||
043.14 Sultan Pajang matur aris | kakang bok kula tumingal | wontên èstri ayu kaot | duk kawula praptèng lawang | punapa masih lêgan | dene endah warnanipun | kang raka aris ngandika ||
144–145 dari 810