Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45 dari 258
154–155 dari 810
1.536–1.545 dari 8.099
045.16 sampun prapta ing pinggir kali ki arya | binendrong dening bêdhil | sinosog ing watang | linêmbing binangkolang | suligi kadi gumiris | Sang Arya Jipang | kudane dèn camêthi ||
045.17 gagakrimang wus mêntas anèng dharatan | têngah barisan prapti | sira Arya Jipang | lir Abimanyu yuda | rinêbut Kurawa nênggih | turangganira | tandange lir rasêksi ||
045.18 nujah ngêrah amengkal marang ing mêngsah | singa kêtrajang ngisis | wau Arya Jipang | mobat-mabit lawungnya | lir kitiran nèng astèki | wadya ing Sela | akathah kang ngêmasi ||
045.19 sinosog [1: 245: si...nosog] ing watang ki arya tan pasah | wulunira tan busik | amung kang wèh layang | ingkang pinêlêng driya | ki arya sêsumbarnèki | êndi rupanya | iya kang awèh tulis ||
045.20 ingkang sanggup angêmbari marang ingwang | amapag padha siji | ing mêngko umpêtan | angandêlakên bala | majua ing ngarêp mami | wadya ing Sela | numbaki nganan ngering ||
045.21 kang kêtrajang wadya Sêsela kèh bubar | wadya Pajang nyuraki | lir karêngèng wiyat | surake wadya Pajang | Arya Jipang sukèng galih | pangrasanira | apan binayangkari ||
045.22 tandangira ki arya lir singa lodra | lir buta măngsa daging | kang tinrajang bubar | waspada Pêmanahan | wadya ing Sêsela ngisis | arsa maguta | kêlawan Ki Pênjawi ||
045.23 pan Ki Juru ngadhangi alon lingira | dèn eling sira yayi | măngsa ngêntasana | dudu bubuhanira | ki bayi ingkang duwèni | tandhinge yuda | Si Jipang kang matèni ||
045.24 sutanira iku kang ngêntasi karya | lawan Si Jipang iki | sênadyan taruna | wus pinêsthi ing Suksma | lokhil makphul wus tinulis | karone sira | ngampinga kanan kering ||
045.25 sigra mangsah Ngabèi Saloring Pasar | kang rama kalih ngamping | ingkang tinitihan | bêlo maksih bathilan | Ki Palèrèd kang pinandhi | sampun apanggya | ayun-ayunan jurit ||
154–155 dari 810