Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
48 dari 258
168–169 dari 810
1.677–1.686 dari 8.099
48. Asmaradana
048.01 jêng sultan kasmaran ngèksi | mring wanodya randhanira | Kyai Agêng Mêtarame | garwa kang anom pribadya | apan dèrèng pêputra | karsanya mangke pinundhut | Ki Juru èmêng ing driya ||
048.02 wusana sumanggèng kapti | ajrih kêlamun matura | datan winarna solahe | Ki Juru lan para putra | pamit arsa mantuka | marang nêgari Mêtarum | kalilan mundur sing ngarsa ||
048.03 Tumênggung Mayang ing mangkin [1: 268: mangki...n] | kêdah tumut mring Mêtaram | lawan sagarwa putrane | nging kang raka Senapatya | sangêt pamênggakira | piturutên ujar ingsun | aywa milu mring Mêtaram ||
048.04 ya ta enjangira nuli | Ki Juru saputranira | sêdaya budhalan age | ing marga datan winarna | wus prapta ing Mêtaram | Senapati lan Ki Juru | kêlangkung mukti wibawa ||
048.05 sangsaya arjanirèki | Mêtaram gêmah aripah | wus kadi nêgara gêdhe | kunêng malih kang winarna | sira Tumênggung Mayang | putranya jalu abagus | pêparab Radèn Pabelan ||
048.06 nanging balunthah tyasnèki | tinari krama tan arsa | langkung bêlasar tindake | dènnya karêm ing wanodya | tan pilih kang utama | sadhengah wadon kinayun | kang rama langkung sungkawa ||
048.07 baguse datanpa tandhing | ing Pajang tan ana memba | Radèn Pabelan warnane | nanging tyasira tan lana | kang rama langkung susah | myat tingkahe sutanipun | suka tumêkèng palastra ||
048.08 dahat pakèwêd ing galih | sira Ki Tumênggung Mayang | sampun kapanggih ciptane | ingkang putra tinimbalan | tan dangu praptèng ngarsa | kang rama ngandika arum | marmane sira sun undang ||
048.09 wus diwasa sira kaki | sêdhênge amangun krama | aja manggung lamban bae | iya kulup amiliha | sutaning pra dipatya | ing Pajang sêdayanipun | êndi sênênge tyasira ||
048.10 ingsun ingkang minangkani | kang putra umatur nêmbah | anuwun duka samangke | dèrèng darbe cipta krama [1: 269] | wikaning têmbenira | kang rama ngandika asru | aywa mangkono nak ingwang ||
168–169 dari 810