Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
47 dari 258
160–161 dari 810
1.596–1.605 dari 8.099
| 047.03 | mumpung anèng ngarsaningwang | prasêtyaa sun èstrèni | kang liningan matur nêmbah | inggih sandika sang yogi | amba tuwan saidi | kêlamun darbea kayun | badhe [1: 253: ba...dhe] jumênêng nata | wontên nêgari Mêtawis | pan kawula sampun amanggih raharja || |
| 047.04 | kêlamun darbea cipta | kadya mangkana wak mami | utawi nêdya ngêndhiha | kêraton ing Pajang mangkin | sumăngga awak mami | pêjah gêsang ulun katur | sintên ingkang wikana | lêlampahanipun wuri | langkung gaib karsane Kang Murbèng Jagad || |
| 047.05 | Susunan ing Kalijaga | mèsêm angandika aris | iya bênêr ujarira | datan ana ingkang sisip | Sultan Pajang miyarsi | kêlangkung lêga ing kalbu | tan wrin yèn ujar keras | Sunan Kali ngandika ris | lah ta uwis jêbèng Pajang pasrahêna || |
| 047.06 | ya tanah desa Mêtaram | marang ing kakangirèki | Sultan Pajang aturira | sumăngga ing asta kalih | kakang dika tampani | padesan tanah Mêtarum | ananging maksih bêra | Pêmanahan matur inggih | anampani padesan nagri Mêtaram || |
| 047.07 | Sunan Kali angandika | jêbèng Pêmanahan nuli | muliha marang Mêtaram | boyonga saanak rabi | manira angidèni | tuluse gonmu sadulur | lah wus padha karia | manira pan laju mulih | kalihira manêmbah angaras pada || |
| 047.08 | sakundure sang pandhita | Sultan Pajang ngandika ris | inggih kakang Pêmanahan | prayogi atur udani | maring kakang bok nênggih | Kalinyamat Nimas Ratu | kang raka aturira | inggih sumăngga sang aji | kakang benjang enjang kewala budhalan || |
| 047.09 | sultan gya kundur ngêdhatyan [1: 254: ngê...dhatyan] | ginarêbêg para cèthi | Pêmanahan nulya mêdal | mantuk mring wismanirèki | wus panggih lan kang rayi | utawi Kiyai Juru | Pêmanahan ris nabda | jêng sultan karsanirèki | benjang enjang têdhak dhatêng Danaraja || |
| 047.10 | ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | jêng sultan miyos ing pura | ginarbêg wadya gêng alit | Pêmanahan Pênjawi | tan kari lan Kyai Juru | rikat lampahing wadya | ing marga datan winarni | sampun prapta padhepokan Danaraja || |
| 047.11 | Nimas Ratu Kalinyamat | gupuh amêthuk kang rayi | wus binêkta manjing wisma | satata lênggahirèki | sultan umatur aris | dhuh kakang bok prapta ulun | angaturi uninga | Arya Jipang wus ngêmasi | ing samangkya luwarên subrăngta tuwan || |
| 047.12 | Nimas Ratu Kalinyamat | mèsêm angandika aris | mring kang rayi Sultan Pajang | yayi sapa kang matèni | kang rayi matur aris | ki raka Manahan bakyu | lan Pênjawi arinya | apan inggih dèn kalihi | Kyai Juru kang dados bêbotohira || |
160–161 dari 810