Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
47 dari 258
160–161 dari 810
1.599–1.608 dari 8.099
047.06 ya tanah desa Mêtaram | marang ing kakangirèki | Sultan Pajang aturira | sumăngga ing asta kalih | kakang dika tampani | padesan tanah Mêtarum | ananging maksih bêra | Pêmanahan matur inggih | anampani padesan nagri Mêtaram ||
047.07 Sunan Kali angandika | jêbèng Pêmanahan nuli | muliha marang Mêtaram | boyonga saanak rabi | manira angidèni | tuluse gonmu sadulur | lah wus padha karia | manira pan laju mulih | kalihira manêmbah angaras pada ||
047.08 sakundure sang pandhita | Sultan Pajang ngandika ris | inggih kakang Pêmanahan | prayogi atur udani | maring kakang bok nênggih | Kalinyamat Nimas Ratu | kang raka aturira | inggih sumăngga sang aji | kakang benjang enjang kewala budhalan ||
047.09 sultan gya kundur ngêdhatyan [1: 254: ngê...dhatyan] | ginarêbêg para cèthi | Pêmanahan nulya mêdal | mantuk mring wismanirèki | wus panggih lan kang rayi | utawi Kiyai Juru | Pêmanahan ris nabda | jêng sultan karsanirèki | benjang enjang têdhak dhatêng Danaraja ||
047.10 ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | jêng sultan miyos ing pura | ginarbêg wadya gêng alit | Pêmanahan Pênjawi | tan kari lan Kyai Juru | rikat lampahing wadya | ing marga datan winarni | sampun prapta padhepokan Danaraja ||
047.11 Nimas Ratu Kalinyamat | gupuh amêthuk kang rayi | wus binêkta manjing wisma | satata lênggahirèki | sultan umatur aris | dhuh kakang bok prapta ulun | angaturi uninga | Arya Jipang wus ngêmasi | ing samangkya luwarên subrăngta tuwan ||
047.12 Nimas Ratu Kalinyamat | mèsêm angandika aris | mring kang rayi Sultan Pajang | yayi sapa kang matèni | kang rayi matur aris | ki raka Manahan bakyu | lan Pênjawi arinya | apan inggih dèn kalihi | Kyai Juru kang dados bêbotohira ||
047.13 nimas ratu angandika | lah ing mêngko ana ngêndi | wong têlu kang olèh karya | padha timbalana yayi | inggih wontên ing jawi | nulya tinimbalan gupuh | tan dangu praptèng ngarsa | katri samya atur bêkti | sawusira atata lênggah ing ngarsa ||
047.14 jêng sultan aris ngandika | mênawi parêng ing galih | kawula nyuwun wasiyat | wasiyatipun suwargi | dhuwung lan waos nênggih | punika kawula [1: 255: ka...wula] suwun | kang raka aris nabda | iya sakarsanirèki | lah ta iki wasiyate kakangira ||
047.15 dhuwung pinaringkên nulya | tinampan lajêng winangking | myang waose wus katampan | jêng sultan suka ing galih | ing solah tan winarni | sultan wus pamitan kundur | kalilan lajêng budhal | Pêmanahan lan Pênjawi | datan sarêng kundurira lan jêng sultan ||
160–161 dari 810