Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
50 dari 258
181–182 dari 810
1.806–1.815 dari 8.099
050.38 isthanira lir anunggang èsthi | irênge sela wus kadya gajah | roning pandhan ing têpine | kadya pêlananipun | suluring kang pandhan kang [1: 288] putih | saingga gadhingira | tumêlung ing banyu | Senapati nglês tyasira | laju nendra nèng luhuring sela langking | tan etung pringgabaya ||
050.39 ya ta wau Ki Juru Martani | anèng wisma tyasira karasa | têngah dalu ing wayahe | sira Kiyai Juru | karsanira mring dalêm puri | prapta jawining lawang | Ki Juru amuwus | hèh kănca kang tunggu lawang | Senapati mangkya pinarak ing pundi | matur ingkang tinanya ||
050.40 inggih gusti wau sontên mijil | sampun dangu mêdale putranta | ulun tan wikan puruge | Kyai Juru gya wangsul | laju arsa ngulati siwi | anjujug ing Nglipura | tan adangu rawuh | wus kapanggih ingkang putra | Senapati lagya sakeca aguling | anèng sela gêgilang ||
050.41 Kyai Juru Martani ngling aris | sutèng ulun kaki Senapatya | têka pijêr eca sare | sêmana Kyai Juru | aningali luhurirèki | ana lintang gumêbyar | lir baskara murub | agêngira sakêlapa | nèng luhure Senapati dènnya guling | Ki Juru ngungun ing tyas ||
050.42 eram mulat lintang gêngirèki | ingkang putra anulya ginugah | dhuh kulup tangia age | têka eca aturu | lah dulunên luhurirèki | Senapati Ngalaga | kagyat nulya wungu | tumingal ing luhurira | Senapati mojar apa katon iki | mêncorong luhur ingwang ||
050.43 ponang lintang anauri aris | wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah sira mangke | gonira amanêkung | amaladi sêmèdi [1: 289: sê...mèdi] êning | anêgês karsaning Hyang | Kang Murwèng Pandulu | wus sêdhênge luwarana | mangkya sira uwus tinarimèng Widi | prapta sasêdyanira ||
050.44 besuk sira jumênêng nêrpati | nèng Mêtaram amêngku rat Jawa | sineba pra ratu kabèh | praptèng turun-tumurun | tulus samya mêngku rat Jawi | dadya pandaming jagad | ing saturun-turun | wus têlas pituturira | ponang lintang musna maring awiyati | Senapati sukèng tyas ||
050.45 Kyai Juru Amartani angling | dhuh sutèngsun Kyai Senapatya | aja sira mêsthèkake | ujaring lintang iku | ilat lintang sira gondhèli | tan kêna tinagiha | yèn malècèng wuwus | tan liya ingsun lan sira | kang katêmpuh besuk campuhing ajurit | anèng satêngah yuda ||
050.46 Senapati sandeya ing galih | amiyarsa ngandikaning paman | sangsaya rêntêng galihe | wusana aris matur | kadospundi karsanta mangkin | kawula tan lênggana | paman karsanipun | ulun sadrêmi lumampah | Kyai Juru Martani mèsêm nauri | lah iya sutaningwang ||
050.47 sira kaki amêsua maning | ya maring sêgara kidul sira | sun mring gunung Mrapi anggèr | nanêdha ing Hyang Agung | ingsun bangêt ing wirang mami | mulat mring mantri Pajang | têmpuhing prang pupuh | kang putra matur sandika | Senapati manêmbah umangkat nuli | ngèli nèng kali Umpak ||
181–182 dari 810