Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
52 dari 258
189 dari 810
1.881–1.890 dari 8.099
052.14 Adipati Tuban matur aris | kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika puniku | rêmên miyat wong bêksa rangin | tamèng towok myang pêdhang | Senapati muwus | iya yayi pan mangkana | nanging abdinira wong Mataram lagi | sinaon lan rewangnya ||
052.15 sang dipati ing Tuban turnya ris | ulun darebabdi[1] tukang bêksa | pinunjul bêksane tamèng | myang towok pêdhangipun | anèng Tuban samya [1: 302: sa...mya] linuwih | prakoswa widigdaya | wasis bêksanipun | dadya paguroning kathah | wus kawêntar ngalahkên wong pitung nagri | mangkya ulun sumăngga ||
052.16 Senapati Ngalaga nauri | mendah baya wongira Mataram | uninga wong bêksa tamèng | ingkang tuhu pinunjul | ngalahakên wong pitung nagri | saiba rêmênira | yèn bisa aniru | mangkya paran umiringa | wadyanira ingkang wignya bêksa rangin | inggih tumut sadaya ||
052.17 Adipati Tuban ngandika ris | marang abdinira tukang bêksa | lah payo bêksaa tamèng | si kakang arsa dulu | êntèkêna gêlarirèki | sandika kang liningan | gya bêksa mangayun | towok tamènge cinandhak | karya onclang gya binuwang mring wiyati | pan tinadhahan dhadha ||
052.18 kang tumingal samyeram ing galih | miyat pratingkahira kang bêksa | sarosa luwês solahe | sudira dhasar têguh | Senapati suka ing galih | sêmana ingkang putra | Dyan Răngga umatur | bêbisik marang kang rama | kêdah nuwun anglawani bêksa rangin | nanduki wadya Tuban ||
052.19 Senapati api tan miyarsi | gung jinawil marang ingkang putra | mêksa andrêng panuwune | Dipati Tuban dulu | mring Dyan Răngga solahirèki | dadya matur ing raka | dhuh kakang puniku | putranta nuwun punapa | Senapati mèsêm angandika aris | pan iku sutanira ||
052.20 iya kudu mèlu baksa rangin | paripêksa tan wruh ing dêduga | datan rumăngsa awake | arsa nglawan [1: 303: nglawa...n] wong sêpuh | Adipati Tuban lingnya ris | dhuh anggèr putraningwang | ywa nglawan sirèku | sun duga durung kuwawa | apan iku wong Tuban wus tanpa tandhing | Dyan Răngga matur nêmbah ||
052.21 inggih botên nêdya anandhingi | lingsèn kinarya sinau bêksa | sang dipati èmêng tyase | myat kang putra ambêrung | kadospundi kakang puniki | bok inggih tinurutan | mrih lêga tyasipun | iya kulup abêksaa | hèh wong Tuban apan iku putra mami | ajarên bêksanira ||
052.22 iya nanging ywa sira têmêni | kang liningan umatur sandika | kang putra ingatag age | Dyan Răngga sigra maju | tamèng towok agêmirèki | gotong sanga towoknya | tamèng gotong wolu | dhasare waja malela | sang dipati ing Tuban ngungun ningali | mring gamane Dyan Răngga ||
052.23 salamine pan dèrèng udani | tamèng towok sêmono gêngira | angunandika driyane | tuhu lamun pinunjul | kayaparan tingkahe mangkin | baya luwih sarosa | Dyan Răngga puniku | sêmana wiwit ambêksa | Radèn Răngga tamèng towoke pinusthi | ingumbulkên mring tawang ||
189 dari 810

 


darbe abdi. (kembali)