Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
105–106 dari 258
355–356 dari 810
3.542–3.551 dari 8.099
| 105.27 | nora nana toya kang binukti | ingkang ngombe ya dadi laranya | watuk alara wêtênge | rêmbag pra mantri nungkul | kang sawênèh rêmbug ajurit | ana ngajak nungkula | ya ta sampun katur | mring Pangeran Surabaya | siniwaka sakathahing para mantri | răngga ngabèi dêmang || |
| 105.28 | pra tumênggung pêpak sami nangkil | para mantri lan para santana | sêdaya sumiwi andhèr | sêdaya sami matur | kang sawênèh angajak jurit | sawênèh ngajak seba | èmêng manahipun | Pangeran Surabaya |[1] Ki Dipati Sênjata bèr kang kuwanin | sumaguh dèn adu prang || |
| 105.29 | wong Surabaya sêdaya angling | Tambakbaya pêksa kumawawa | saguh amapag yudane | yèn ajaa karuhun | nora kongsi tilar nêgari | duk ana nêgri Pajang | bisa uga iku | wong rusak angajak-ajak | Tambakbaya burone Prabu Mêntawis | iku angajak rusak || |
| 105.30 | jêr sirèku yèn pangeran iki | nungkul [2: 254: nung...kul] aris marang ing Mêntaram | sira pan katore-tore | ngungsi marang di iku | nora wurung sira macêngis | yêkti tan bisa polah | gonira agêmblung | măngsa ta silih payua | wong Mêntaram marang sira nora sudi | apa manèh sri nata || |
| 106. Sinom | |
| 106.01 | pangeran èmêng ing driya | sagunge para dipati | angajak nungkul arisan | rinasa sajroning galih | rumăngsa sangêt isin | ya ta lama-lama wau | saya kuru kang wadya | sagunge wong Surawèsthi | dèn jak aprang kêncêng sêdya anungkula || |
| 106.02 | marang Sang Prabu Mêntaram | dadya Pangran Surabanggi | kagegeran driyanira | aturing wadya nuruti | lah sira putra mami | sira sebaa karuhun | ingsun ora tumindak | putraningsun Dèn Mas Pêkik | angirida para mantri Surabaya || |
| 106.03 | para mantri aturira | putra paduka puniki | tan sagêd mungkasi karya | ing karsa lamun suwawi | inggih tuwan pribadi | tumindak prayoganipun | apanggiha kêlawan | putranta Natèng Mêntawis | lawan sagung para mantri Surabaya || |
| 106.04 | ngandika lon jêng pangeran | sun tuturi kabèh iki | durung sae awak ingwang | panggih lawan sri bupati | pan amung putra mami | Dèn Mas Pêkik kang lumaku | dadi wakil manira | ngong pasrahkên mring Hyang Widi | măngsa bodho karsane Hyang Maha Mulya || |
| 106.05 | sira padha tuta wuntat [2: 255] | ngatêrêna putra mami | dadia sêratinira | gawaa wong sèwu iki | gawaa brana adi | lah ta iki layang ingsun | aturna mring utusan | kang baris têrusan sami | Ki Tumênggung Mangunonêng panggêdhenya || |
| 106.06 | sigra mangkat sang dipatya | ingiring kang para mantri | sêdaya lumampah wuntat | para mantri Surawèsthi | pinikul kang brana di | kinarya pratandhanipun | panungkulnya pangeran | gêntia malih winarni | Mangunonêng kumpul lan sakancanira || |
355–356 dari 810
| 1 | Kurang satu suku kata: pangeran ing Surabaya. (kembali) |