Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
173–174 dari 258
557–558 dari 810
5.570–5.579 dari 8.099
| 173.27 | kari siji punagi ngong iki | ing nalika duk ingsun nèng Têgal | kêris Si Bêyabar kiye | sun liga laminipun | nora ingsun sarungkên iki | yèn ora sun sarungna | ing jajanirèku | garjita para dipatya | Trunajaya sinaosakên ing ngarsi [3: 243: ngar...si] | gya têdhak sri narendra || |
| 173.28 | gya ginoco jajanira titis | trus walikat Trunajaya niba | kapirsanan ing patine | mangkana êmbanipun | Sêcagora wastanirèki | abela gustinira | sêdyanira ngamuk | lajêng kinêracok kathah | sampun pêjah ngandika sri narapati | tigasên murdanira || |
| 173.29 | wus tinigas katur ing ngarsa ji | angandika wau sri narendra | iya bocah ingsun kabèh | padha mèlua nyuduk | lawan padha mangana ati | atine Trunajaya | gya tumandang nyuduk | lan atinira rinêbat | wong sawiji panduman saprapat mênir | kuwănda wus wor kisma || |
| 173.30 | ya ta wau Ki Jangrana prapti | lawan Ănggajaya Pasuruan | sampun katur sêdayane | ing rèhira ingutus | sri narendra ngandika aris | wong loro sira padha | iya kari nyuduk | ing jisime Trunajaya | hèh sirèku pan iya uwong kêkalih | lawan brăngta ngayuda || |
| 174. Asmaradana | |
| 174.01 | sêngkala pêjahirèki | Trunajaya anèng Payak | dwi ilang rasa wanine |[1] sarêng lawan êmbanira | wasta Ki Sêcagora | sukèng tyas marwata sunu | sang nata lan sawadyanya || |
| 174.02 | angandika sri bupati | lah payo sira nusula | anyuduki ing jisime | Si Trunajaya kang lena | Jangrana Ănggajaya | sigra kalih narik dhuwung | lêmah tilas sinudukan || |
| 174.03 | lêmahira gya cinulik | nulya [3: 244] kinarya wawêdhak | ya ta jêngkar sang akatong | malêbêt ing pêsanggrahan | êndhase Trunajaya | binêkta pawonganipun | sapraptane pêsanggrahan || |
| 174.04 | sang nata ngandika aris | hèh bocah wadon sakèhnya | dèn kêlakon dhawuh ingong | yèn padha arêp anendra | kabèh padha kèsèda | Trunajaya êndhasipun | sêdaya matur sandika || |
| 174.05 | ing dalu kêlakon sami | enjange sagung wanodya | kinèn anutu êndhase | wus sirna dhas Trunajaya | sang nata siniwaka | munggèng ing têtarub agung | aglar sagunging punggawa || |
| 174.06 | Nrangkusuma karsa mami | pan iya ing dina benjang | manira pan arsa bodhol | têka pêsanggrahan Payak | tindak mring Surabaya | jênêng ngong arsa angujung | mring Jêng Sunan Ngampèldênta || |
557–558 dari 810
| 1 | Tanggal: dwi ilang rasa wanine (AJ 1602). Tahun AJ 1602 jatuh antara tanggal Masehi: 12 Februari 1679 sampai dengan 1 Februari 1680. (kembali) |