Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
179 dari 258
574–575 dari 810
5.737–5.746 dari 8.099
179.13 pan kinubêng ing magêrsari akapang | satus wong numbak putih | acêlana jênar | abajo têratean | gumêrgut tandange baris | pangulunira | lumajêng marêk ngarsi ||
179.14 adhuh gusti kawula tumut ayuda | sang nata ngandika ris | hèh pangulu aja | karia tunggu pura | besuk lamun ngantêp jurit | sira mèlua | nèng alun-alun benjing ||
179.15 kawarnaa lampahira sri narendra | wus prapta kali Anjir | wadya Kartasura | kang baris Pêrambanan | dènnya mapag anèng Taji | cucuking yuda | kapranggul kali bêning ||
179.16 wong Kalagan tandangira kadi yêksa | mulat ing mungsuh prapti | sami ngangah-angah | sigra sarêng nêrajang | wong [3: 266] Kartasura nadhahi | têmpuhing yuda | rame bêdhil-bidhil |[1]|
179.17 sigra Arya Măndhalika tur uninga | mring gusti sri bupati | yèn wadya Mêntaram | sampun campuh ing yuda | angandika sri bupati | hèh ta adhi mas | Panular dipun aglis ||
179.18 anggonana yaiku pacaraningwang | sira sun gawe wakil | nganggo têngran ingwang | sun adhi marang ngarsa | umomor arsa udani | tandange mêngsah | sang nata gya umèksi ||
179.19 gya mangarsa sampun prapta Pêrambanan | wadya sami udani | yèn sri naranata | prapta tan mawi bala | wadya gung anêmpuh jurit | wadya Kalagan | tan ana ngeman pati ||
179.20 tinadhahan ing ganjur kêlawan watang | pêngkuh wadya Mêntawis | nusup yudanira | gègèr wong Kartasura | malêdug bubar angisis | dhadhal sangsaran | angêmbul marang Taji ||
179.21 wong Kalagan wus angancik Pêrambanan | angrampit marang Taji | sampun tinadhahan | Tumênggung Mangkuyuda | sêksana ngangsahkên baris | lan Natayuda | angawaki ing jurit ||
179.22 dyan umangsah Mangkuyuda Natayuda | saha bala mangukih | prapta wong Mêntaram | nung-anung samya mangsah | supênuh wadya ing wuri | wong Kartasura | Mangkuyuda nadhahi ||
574–575 dari 810

 


1 Kurang satu suku kata: rame bêdhil-binêdhil. (kembali)