Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
179 dari 258
575 dari 810
5.741–5.750 dari 8.099
| 179.17 | sigra Arya Măndhalika tur uninga | mring gusti sri bupati | yèn wadya Mêntaram | sampun campuh ing yuda | angandika sri bupati | hèh ta adhi mas | Panular dipun aglis || |
| 179.18 | anggonana yaiku pacaraningwang | sira sun gawe wakil | nganggo têngran ingwang | sun adhi marang ngarsa | umomor arsa udani | tandange mêngsah | sang nata gya umèksi || |
| 179.19 | gya mangarsa sampun prapta Pêrambanan | wadya sami udani | yèn sri naranata | prapta tan mawi bala | wadya gung anêmpuh jurit | wadya Kalagan | tan ana ngeman pati || |
| 179.20 | tinadhahan ing ganjur kêlawan watang | pêngkuh wadya Mêntawis | nusup yudanira | gègèr wong Kartasura | malêdug bubar angisis | dhadhal sangsaran | angêmbul marang Taji || |
| 179.21 | wong Kalagan wus angancik Pêrambanan | angrampit marang Taji | sampun tinadhahan | Tumênggung Mangkuyuda | sêksana ngangsahkên baris | lan Natayuda | angawaki ing jurit || |
| 179.22 | dyan umangsah Mangkuyuda Natayuda | saha bala mangukih | prapta wong Mêntaram | nung-anung samya mangsah | supênuh wadya ing wuri | wong Kartasura | Mangkuyuda nadhahi || |
| 179.23 | pra prawira Kalagan sarêng mangrampak | anuduk angakahi | tan angeman pêjah | andulu mungsuh sura | lir andulu rara sunthi | dulu tikswara | angrangap sarta lungid [3: 267] || |
| 179.24 | lir andulu kênya munggèng jroning tilam | Arya Măndhalika glis | angêtap turăngga | mangarsa sumbar-sumbar | pantèn mundura sirèki | sapa ranira | maksih anom sirèki || |
| 179.25 | anauri Ki Tumênggung Mangkuyuda | rêbutên ing jurit |[1] ingsun Mangkuyuda | gumuyu Măndhalika | hèh ragane sira iki | sasêngkan anyar | anak wong dhudhuk gangsir || |
| 179.26 | ing samêngko mangsane pèthèk amijah | usume kali banjir | kèh sasêngkan anyar | turune wong anyantrang | ya padha dadi bupati | mulane iya | akèh wong lali gusti || |
575 dari 810
| 1 | Kurang satu suku kata: rêbutên ing ajurit. (kembali) |