Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
179–180 dari 258
575–576 dari 810
5.749–5.758 dari 8.099
179.25 anauri Ki Tumênggung Mangkuyuda | rêbutên ing jurit |[1] ingsun Mangkuyuda | gumuyu Măndhalika | hèh ragane sira iki | sasêngkan anyar | anak wong dhudhuk gangsir ||
179.26 ing samêngko mangsane pèthèk amijah | usume kali banjir | kèh sasêngkan anyar | turune wong anyantrang | ya padha dadi bupati | mulane iya | akèh wong lali gusti ||
179.27 ingsun eman lah payo sira mundura | bok punukmu nulari | kêlangkung bramatya | Mangkuyuda anumbak | tumèmbêl baune kêni | Ki Măndhalika | gumuyu sarwi angling ||
179.28 bocah Kêdhu sira iku têka pugal | sun walês sira mati | pantèn lumayua | Amralmu parènèkna | Mangkuyuda nolih wuri | wadyanya gêmpang | sigra ngingêr turanggi ||
179.29 wus sinabêt turăngga nututi bala | dyan ingêlud tumuli | marang wong Kalagan | tan ana tumanggaha | kèndêl Tangkisan abaris | wadya Kalagan | kèndêl anèng ing Taji ||
179.30 Ki Tumênggung Mangkuyuda tur uninga | marang sri narapati | Jêng Sunan Mangkurat | wadya Kalagan prapta | prasami wuru ing jurit | angangah-angah | tan wontên nolih wuri ||
180. Pangkur
180.01 sri narendra duk sineba | nèng pakuwon dening para [3: 268] prajurit | angandika sang prabu |[2] nyata si adhi êmas | lali bangêt iya marang jênêng ingsun | Ki Tumênggung Sidurêja | manêmbah aturira ris ||
180.02 têkaping ngabyantarendra | duk ayuda pun Mangkuyuda gusti | wontên satriya nom bagus | kados rayi paduka | kang sun pinta marang Suksmana Kang Agung | si adhi muga elinga | besuk satêngahing jurit ||
180.03 sakabèhe wadyaningwang | yèn adhi mas wus katon ing ajurit | padha piyakna dèn gupuh | maranga wuriningwang | ana ngêndi mêngko dhimas ênggonipun | Nrangkusuma matur nêmbah | ing Kêmalon dènnya baris ||
180.04 kunêng enjing kawarnaa | Sri Narendra Ngalaga ing Mêntawis | namur wadya barisipun | momor Ki Măndhalika | kang nèng Taji sêmana alon umatur | wau Arya Măndhalika | gusti kundura mring puri ||
575–576 dari 810

 


1 Kurang satu suku kata: rêbutên ing ajurit. (kembali)
2 Kurang satu suku kata: angandika sang aprabu. (kembali)