Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
180 dari 258
577–578 dari 810
5.762–5.771 dari 8.099
| 180.08 | têngara bèri wurahan | bêndhe tambur barung kêlawan suling | swarane umung gumuruh | lir ombak nêmpuh parang | wong pasisir ngungkung Kodhokngorèkipun | gêgaman abra asinang | lir pendah prawata gêni || |
| 180.09 | ya ta Sang Prabu Mangkurat | wus angrasuk ngagêm cara Kumpêni | akêkaos asêpatu | rasukan lapis tiga | têbah jaja alêlungsir ing mas tatur | mojah sinuji toya mas | pan asri kinitir-kitir || |
| 180.10 | abêbadhong susun tiga | têtirahe sinawur ing rêtna di | bramaksa ujwala murub | arja kuluk jangkangan | tinatrapan ing mas jingga ing karuwus | yèn tinon saking kadohan | lir gurnadur angêjawi || |
| 180.11 | anyuriga pêdhang usar | anggarira binrayut ing mas adi | têbah jaja tali rukuk | rinantèn ing mas jingga | sinêlanan ing mas kumala di murub | sang prabu lênggah ing dhampar | kucêm sagung ingkang nangkil || |
| 180.12 | kungkulan ujwalèng nata | lir purnama têmpuh lawan hyang rawi | sri narendra ngandika sru | lah payo budhalêna | kayaparan wartane wadya Mêntarum | Arya Sidurja manêmbah | abdi dalêm kang pangarsi || |
| 180.13 | sampun campuh ing ayuda | langkung rame gusti bêdhil-binêdhil | mundhut turăngga sang prabu | sumaos ing ngayunan | kêkambile cinara Walănda murub | sêdaya sinuji rêtna | rinumpaka ing mas [3: 270: ma...s] adi || |
| 180.14 | sampun anitih turăngga | budhal saking pêsanggrahan nêrpati | swarane wadya gumuruh | pan kadya calapita | cucuking prang agênti buru-binuru | tandange wadya Kalagan | kadi buta măngsa daging || |
| 180.15 | wadya Bagêlèn wus adat | yèn apêrang wani katêmu wuri | yèn uga bêcik kang ngadu | kadya Bugis Mêkasar | Bugis Jawa wong Bagêlèn tuwin Kêdhu | yèn prayoga tindhihira | wani gêlut lan Kumpêni || |
| 180.16 | Tumênggung Gajahpramada | mingêr ngiwa balanira dèn irid | ing Karapyak kang jinujug | anjog ing Ngantinika | Arya Măndhalika ing pangiridipun | anurut gunung mangetan | Pamutihan kang dèn jogi || |
| 180.17 | dene ingkang dadya dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wong Bagêlèn kang dèn pangku | Ki Arya Tambakbaya | Arya Surajaya ingkang munggèng ngayun | sêsabête pêbarisan | Arya Panular nindhihi || |
577–578 dari 810