Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
181–182 dari 258
582–583 dari 810
5.813–5.822 dari 8.099
| 181.30 | sri narendra prapta salêbêting kutha | nèng alun-alun baris | Arya Măndhalika | têtungguling ayuda | Pangran Panular wusdening | tuwin kang paman | Pangran Pamênang wèni || |
| 182. Sinom | |
| 182.01 | punika ingkang pêputra | Pangeran Pamênang nênggih | Pangran Silarong ing kina | dadya paman pêrnahnèki | kêlawan sri bupati | Sunan Ngalaga Mêntarum | kunêng kang baris praja | kawarnaa sri bupati | Amangkurat budhal saking pêsanggrahan || |
| 182.02 | gumuruh kang wadyabala | kang dadya panganjur baris | Jangrana ing Surabaya | Surănggakara pasisir | Pêrambanan kang baris | katêrajang bubar [3: 277] larut | tan ana ingkang nglawan | lajêng lampahirèng baris | kali Anjir lampahira sampun prapta || |
| 182.03 | sang nata saha wadyanya | tanapi wadya Kumpêni | sawêngi lêrêp Jarakan | enjing budhal sri bupati | tinata ingkang baris | de wus parêk lawan mungsuh | panganjure wus mêdal | lajêng anata prajurit | sami lèrèh ajêngan sawang-sinawang || |
| 182.04 | wong Kêlagan barisira | amêlatar amiranti | nanging tan ana kang mêdal | anèng alun-alun baris | samya ngantêp ing jurit | wadya pasisir sêdarum | akapang akalangan | ing Karandhon dènnya baris | pan anganti parentahira sang nata || |
| 182.05 | sagunge para dipatya | ya ta wau sri bupati | sampun ingaturan wikan | yèn ingkang rayi sang aji | mêmpên ing jro nêgari | baris anèng alun-alun | Sang Aprabu Mangkurat | tinata sagunging baris | pangawake kering kanan miwah dhadha || |
| 182.06 | sampun sami asiyaga | sagunge para prajurit | kêndhang gong bèri wurahan | tambur wor swaraning suling | kunêng wuwusên malih | Sunan Ngalaga Sang Prabu | sampun anata bala | tunggulira sri bupati | gula klapa banderanira sang nata || |
| 182.07 | lêlayu tinêngêr samya | kang nyêkêl banderanèki | apan sampun sinalinan | milih ingkang para mantri | kang prakosa tur wani | kang ngampil banderanipun | mariyêm gêng ngisenan | nênggih [3: 278: nêng...gih] Kyai Guntur Gêni | kang jagani bupati ingkang pinatah || |
| 182.08 | nulya têngara tinêmbang | bêndhe bèri tinitir |[1] ki pangulu barisira | kumpul lawan kêtib modin | angadhêp sri bupati | panêdyanira sêdarum | matia sabilollah | ayuda kalawan kapir | wong Kalagan Kodhokngorèknya tinêmbang || |
| 182.09 | anèng sitinggil gènira | ya ta wau kang winarni | wadyabala Kartasura | umangsah kang anèng kering | kanan dhadha ngêbyuki | wong Kalagan kang tumangguh | kang baris anèng pasar | sampun panggih kang ajurit | Măndhalika rame campuhing ayuda || |
582–583 dari 810
| 1 | Kurang satu suku kata: bêndhe bèrinya tinitir. (kembali) |