Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
183 dari 258
585–586 dari 810
5.850–5.859 dari 8.099
| 183.07 | wadya ingkang dinuta sang aji | Kyai Tumênggung Wirawidagda | Mangkuyuda lan arine | wêtara tigang èwu | wadyabala ingkang tut wuri | anrapakên arahan | wong desa kang nungkul | abaris anèng Parapag | nênggih bumi Bagêlèn kang dèn barisi | wuwusên sri narendra || |
| 183.08 | sampun budhal saking ing Mêntawis | tan winarna [3: 284: wi...narna] lampahirèng marga | wus prapta Kartasurane | sang nata angêdhatun | sangêt trênyuh raosing galih | tikbra ing ari nata | adhuh ariningsun | Dipati Pugêr yayi mas | lali têmên sira marang jênêng mami | yèn awèt mangkenea || |
| 183.09 | pêsthi awèt rusake kang bumi | yèn adhi mas sulaya lan ingwang | tan enak jênêng ngong rajèng | ya ta carakanipun | ingkang tugur Parapag prapti | tur uningèng narendra | yèn ari sang prabu | Nata Ngalaga wus pêrnah | ing Salinga gènipun umadêg baris | Namrud bêbotohira || |
| 183.10 | tan winarna wau Sri Bupati | Kartasura wau kawuwusa | Sri Bupati Ngalagane | nèng Salinga kêkuwu | Raja Namrud ingkang nanggupi | bêdhahing Kartasura | ing samangsanipun | marmanya ingêla-êla | Raja Namrud pinaringan èstri luwih | sêntana sanak misan || |
| 183.11 | pan ingajak umagut ing jurit | nênggih tansah sinăngga ing krama | datanpa wêkas sanggupe | têmah kaku tyasipun | Natèng Nglaga dèn sêmayani | dene Pangran Pamênang | sangêt aturipun | dhuh anak prabu dèn sabar | sabudine pun Namrud dipun turuti | sagêda dados rewang || |
| 183.12 | Natèng Nglaga wus gêla kang galih | sigra budhal lan sabalanira | marang Bagêlèn karsane | sang nata akêkuwu | lajêng dènnya apacak baris | Ki Arya Tambakbaya [3: 285: Tambakba...ya] | kang kinarya wau | senapatine ngayuda | lan kang ari Ki Arya Surajayèki | miwah Surănggakara || |
| 183.13 | wong Bagêlèn kathah ingkang prapti | sami bêkta sagêgamanira | pan sampun dadi barise | sigra budhal sang prabu | ingkang baris Prapag ginitik | marang Ki Tambakbaya | lan Surajayèku | wong Kartasura tan wikan | yèn linanggar arame campuhing jurit | wong Kartasura dhadhal || |
| 183.14 | panyanane sang nata nindhihi | Kangjêng Sunan Ngalaga umangsah | rêbut dhucung pêlayune | wadya Bagêlèn anglud | saparane dipun tut wuri | wus prapta ing Mêntaram | maksih dèn bêburu | dêdamêl ing Kartasura | sigra mandhêg prasami apacak baris | wau Sunan Ngalaga || |
| 183.15 | nèng Mêntaram samadya sasi |[1] wong Mêntaram kathah ingkang prapta | kinêrig sadêdamêle | Pangran Panular wau | kang kinarya cucuking baris | tan pisah lan kang raka | saparane tumut | nanging Pangeran Pamênang | maksih kantun anèng ing Salinga baris | milya Namrud Narendra || |
| 183.16 | apan arsa jinunjung nêrpati | marang Namrud Pangeran Pamênang | mila anut barang rèhe | warnanên Sang Prabu |[2] ing Ngalaga budhal tumuli | saking nêgri Mêntaram | pan arsa umagut | mangrurah ing Kartasura | baris agêng măngka panganjuring jurit | Ki Arya Surajaya || |
585–586 dari 810
| 1 | Kurang satu suku kata: nèng Mêntaram pan samadya sasi. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: warnanên Sang Aprabu. (kembali) |