Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
183 dari 258
586–587 dari 810
5.856–5.865 dari 8.099
183.13 wong Bagêlèn kathah ingkang prapti | sami bêkta sagêgamanira | pan sampun dadi barise | sigra budhal sang prabu | ingkang baris Prapag ginitik | marang Ki Tambakbaya | lan Surajayèku | wong Kartasura tan wikan | yèn linanggar arame campuhing jurit | wong Kartasura dhadhal ||
183.14 panyanane sang nata nindhihi | Kangjêng Sunan Ngalaga umangsah | rêbut dhucung pêlayune | wadya Bagêlèn anglud | saparane dipun tut wuri | wus prapta ing Mêntaram | maksih dèn bêburu | dêdamêl ing Kartasura | sigra mandhêg prasami apacak baris | wau Sunan Ngalaga ||
183.15 nèng Mêntaram samadya sasi |[1] wong Mêntaram kathah ingkang prapta | kinêrig sadêdamêle | Pangran Panular wau | kang kinarya cucuking baris | tan pisah lan kang raka | saparane tumut | nanging Pangeran Pamênang | maksih kantun anèng ing Salinga baris | milya Namrud Narendra ||
183.16 apan arsa jinunjung nêrpati | marang Namrud Pangeran Pamênang | mila anut barang rèhe | warnanên Sang Prabu |[2] ing Ngalaga budhal tumuli | saking nêgri Mêntaram | pan arsa umagut | mangrurah ing Kartasura | baris agêng măngka panganjuring jurit | Ki Arya Surajaya ||
183.17 ingkang raka Ki Tambakbayèki | wus ginêbag ingkang anèng Pokak | dhadhal muwur [3: 286: mu...wur] bubar kabèh | wadya Bagêlèn anglud | dèn bêbujung Drêsanan prapti | ingusir saparannya | prapta ing Dêlanggu | sampun lumêbêt nêgara | dêdamêle ing Kartasura wus mijil | anèng jawining kitha ||
183.18 Natèng Nglaga lan sagung prajurit | pan angêpung nêgri Kartasura | gênti kang winuwus mangke | Prabu Mangkurat wau | dina Soma miyos tinangkil | pêpak kang wadyakuswa | nèng ngarsa supênuh | ing alun-alun bêlabar | pra dipati pêpkakan[3] sêdaya sami | munggèng ngarsa naredra ||
183.19 pra dipati nung-anung sumiwi | pra upêsir munggèng kering kanan | miwah Amral Hèlduwèlbèh | Radèn Nrangkusumèku | anèng ngabyantara nêrpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | umatur ulun tur priksa | rinta nata Prabu Ngalaga di murti | ing mangke ngêpung kitha ||
183.20 sagung wontên pakuwon rinta ji | panganjare[4] pan sampun anglanjak | wontên Piji tyang Bagêlèn | samya sura nung-anung | rinta Pangran Panular nênggih | têtindhihing ayuda | ngandika sang prabu | payo kabèh undhangana | apan ingsun arsa nindaki pribadi | amapag ing yayi mas ||
183.21 sigra nêmbang têngara sang aji | bêndhe bèri tinitir angangkang | gong bèri amung swarane | tamburira gumrudug | asiyaga para dipati | miwah mayor kapitan | asiyaga sampun | sang nata ngrasuk busana | wus samêta[5] sagunge para dipati | sigra [3: 287] têngara budhal ||
183.22 swaranira lir ombak jêladri | măngsa pitu amanêmpuh para | abra sinang busanane | kadi prawata santun | asrining kang para prajurit | Kumpêni lêlumbungan | tambure dharudhut | Ambon Bugis lan Mêkasar | pra dipati pasisir măncanêgara |[6] pangawat kering kanan ||
586–587 dari 810

 


1 Kurang satu suku kata: nèng Mêntaram pan samadya sasi. (kembali)
2 Kurang satu suku kata: warnanên Sang Aprabu. (kembali)
3 pêpakan. (kembali)
4 panganjure. (kembali)
5 samêkta. (kembali)
6 Biasanya guru lagu i: măncanêgari. (kembali)