Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
183 dari 258
587–588 dari 810
5.864–5.873 dari 8.099
| 183.21 | sigra nêmbang têngara sang aji | bêndhe bèri tinitir angangkang | gong bèri amung swarane | tamburira gumrudug | asiyaga para dipati | miwah mayor kapitan | asiyaga sampun | sang nata ngrasuk busana | wus samêta[1] sagunge para dipati | sigra [3: 287] têngara budhal || |
| 183.22 | swaranira lir ombak jêladri | măngsa pitu amanêmpuh para | abra sinang busanane | kadi prawata santun | asrining kang para prajurit | Kumpêni lêlumbungan | tambure dharudhut | Ambon Bugis lan Mêkasar | pra dipati pasisir măncanêgara |[2] pangawat kering kanan || |
| 183.23 | wong Kartasura lumampah wuri | sri narendra wau lampahira | praptèng Jambu sawadyane | ayun-ayunan pupuh | sigra mangsah sagung prajurit | wadyabala Kalagan | golong dènnya ngamuk | apan kadi singa lodra | kadya banthèng watan kanin ambêk pati | angukih katadhahan || |
| 183.24 | wadya Surabaya kang nadhahi | campuhing prang pan sami sudira | wong Kalagan pangamuke | pinapag buah anggur | tuwin mimis sanjata alit | mriyêm bêdhil lir gêlap | swarane gumrudug | Kumpêni sanjatanira | datan anggop barungan kang bêdhil muni | anglir karêngèng miyat || |
| 183.25 | pêtêng dhêdhêt satêngahing jurit | dening kukusing mriyêm sinapan | saya sura ing yudane | wadya Kalagan ngamuk | wadyabala pasisir sami | saking kering mangrunjang | măncanêgarèku | anglambung saking ing kanan | wong Kalagan panggah kukuhing ajurit | wadya măncanêgara || |
| 183.26 | myang pasisir bubar larut ngisis | dipun êlun mring wadya Mêntaram | ngungsi ngarsane gustine | ya ta wau sang prabu | arsa mangsah ngawaki jurit | Ki Bicak gya tinêmbang | swarane [3: 288: swara...ne] angungkung | angangkang nèng madya gantang | sigra mangsah sri naranata anuli | wadya ing Kartasura || |
| 183.27 | prit anêba gêlaring ajurit | wadya Kumpêni kang dadya dhadha | pasisir kanan keringe | mangsah têmpuh rok caruk | têtupêsan[3] kang wadya alit | Jêng Sunan ing Ngalaga | kèngsêr yudanipun | dene karoban ing lawan | aprasasat kalèn anêmpuh jêladri | kalèn wadya Kalagan || |
| 183.28 | undurira tan pisah lan abdi | anèng Kuwêl tata pêsanggrahan | lajêng apacak barise | wadya Kalagan sampun | asiyaga sikêp ing jurit | kawarnaa Sang Nata | Amangkurat sampun | nimbali Kyai Urawan | tan ing dalu sami sayah ing ajurit | mundur ing kuwunira || |
| 183.29 | sri narendra wus makuwon nênggih | wadyabala sami pamondhokan | Urawan prapta ngarsa ge | ngandika sang aprabu | hèh Urawan ta karsa mami | sirèku lumakua | iya ingsun utus | angipuka yayi êmas | sira aja anggawa batur sawiji | busanamu ngrobèta || |
| 183.30 | Ki Urawan nêmbah awotsari | lèngsèr saking ing ngarsa narendra | saman[4] prapta pakuwone | ngrucat busananipun | têtambalan busananèki | wau Kyai Urawan | cara santri kluthuk | lajêng wau lampahira | sirêp janma anèng ing Koripan prapti | asangêt nandhang brăngta || |
587–588 dari 810
| 1 | samêkta. (kembali) |
| 2 | Biasanya guru lagu i: măncanêgari. (kembali) |
| 3 | têtumpêsan. (kembali) |
| 4 | sampun. (kembali) |