Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
183–184 dari 258
587–588 dari 810
5.870–5.879 dari 8.099
183.27 prit anêba gêlaring ajurit | wadya Kumpêni kang dadya dhadha | pasisir kanan keringe | mangsah têmpuh rok caruk | têtupêsan[1] kang wadya alit | Jêng Sunan ing Ngalaga | kèngsêr yudanipun | dene karoban ing lawan | aprasasat kalèn anêmpuh jêladri | kalèn wadya Kalagan ||
183.28 undurira tan pisah lan abdi | anèng Kuwêl tata pêsanggrahan | lajêng apacak barise | wadya Kalagan sampun | asiyaga sikêp ing jurit | kawarnaa Sang Nata | Amangkurat sampun | nimbali Kyai Urawan | tan ing dalu sami sayah ing ajurit | mundur ing kuwunira ||
183.29 sri narendra wus makuwon nênggih | wadyabala sami pamondhokan | Urawan prapta ngarsa ge | ngandika sang aprabu | hèh Urawan ta karsa mami | sirèku lumakua | iya ingsun utus | angipuka yayi êmas | sira aja anggawa batur sawiji | busanamu ngrobèta ||
183.30 Ki Urawan nêmbah awotsari | lèngsèr saking ing ngarsa narendra | saman[2] prapta pakuwone | ngrucat busananipun | têtambalan busananèki | wau Kyai Urawan | cara santri kluthuk | lajêng wau lampahira | sirêp janma anèng ing Koripan prapti | asangêt nandhang brăngta ||
184. Asmaradana
184.01 dalu wayah sirêp janmi | sira Dipati Urawan | anênêdha [3: 289] ing Hyang Manon | muga ta ginampangêna | ing karsa sri narendra | Amangkurat Sang Aprabu | Kangjêng Sunan ing Ngalaga ||
184.02 galih ya eling sayêkti | marang kang raka atuta | andhahara atur ingong | ciptane pinêngkul pana | pitêkur pinggir jurang | kalih dintên kalih dalu | ing ratri nendra supêna ||
184.03 jêng sunan sumare Têgil | katingal sajroning nendra | pinarak anèng kêdhaton | Ki Urawan dupi pirsa | lajêng nungkêmi pada | Ki Urawan sarwi muwun | sang prabu alon ngandika ||
184.04 hèh Sêndhi lakunirèki | sesuk sira katêmua | lawan gustimu dèn age | raharja ing lakunira | kêlakon sasêdyanta | Ki Urawan kagèt wungu | katongton supênanira ||
184.05 sêdalu amêrêm mêlik | ajrih bok ta kawuningan | mring ki patih sayêktine | Tambakbaya têmahira | ambêbancang ing lampah | dèrèng panggih sang aprabu | pinatèn anèng ing jaba ||
184.06 pêsthi ingaranan têlik | măngsa kênaa sêsambat | dèrèng katur ing gustine | Jêng Sunan Prabu Ngalaga | dadya Kyai Urawan | amêrêm mêlik sêdalu | kunêng dalu sampun enjang ||
587–588 dari 810

 


1 têtumpêsan. (kembali)
2 sampun. (kembali)