Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
186 dari 258
595–596 dari 810
5.946–5.955 dari 8.099
186.12 ya ta wau sagung pra dipati | samya gunêm kuwatir ing praja | sagunge wadya Bagêlèn | pra mantri maksih kumpul | maksih wontên Pangran Dipati | ing Pugêr panggenannya | wus dadi kang rêmbug | satêngah rêmbug mangkana | yèn maksiha anggèr tinunggu ing mantri | mênawa bokmênawa ||
186.13 kêni bineka ing wadya alit | dadya katur rêmbaging punggawa | sang nata pangandikane | ya bênêr pikir iku | ing mulane adhi mas dhingin | lawas tan seba-seba | marang jênêng ingsun | kêna binangus ing bala | sri narendra kang rayi dipun timbali | Dipati Pugêr prapta ||
186.14 angandika wau sri bupati | hèh adhi mas dèn kaparèng [3: 300: kapa...rèng] ngarsa | marma sun undang riningong | manira ayun wêruh | uwongira kang lami-lami | miwah wongira anyar | manira yun wêruh | Pangeran Pugêr tur sêmbah | pan sumăngga kang wadya dipun timbali | sumaos ngarsa nata ||
186.15 kawan dasa kathahe pra mantri | padha wangun tur asura-sura | sang nata pangandikane | marang kang rayi wau | apan iku wongira lami | lawan wongira anyar | ing suwarnanipun | pantêse prawirèng yuda | Pangran Pugêr umatur sarwi wotsari | nika tyang ulun lama ||
186.16 yèn ajaa uwongira lami | pêsthi adhi iku bocahira | arsa sun kunjara kabèh | iku kang ngadu-adu | lamun iku wongira lami | dadine sun apura | yèn sira kang nanggung | Dipati Pugêr tur sêmbah | pan sumăngga ing karsa paduka aji | kawula tan lênggana ||
186.17 sri narendra angandika aris | ing Bagêlèn adhi ingsun pêcah | sun èkêt sun lawe-lawe | sakèh punggawaningsun | kabèh padha duwea yayi | iya sathithik sewang | kang rayi wotsantun | sumăngga karsa paduka | kunêng wau sang nata gênti winarni | sasampunnya antara ||
186.18 tunggal warsa nanging gantya sasi | ya ta wontên gêmpalan carita | ing Batawiah wiyose | wontên jama[1] linuhung | pinangkane saking ing Bali | dama katula-tula | duk ing mulanipun | Pangeran Răngga Sêtata | kang adarbe putra ical kala alit | milwa [3: 301] nèng Batawiah ||
186.19 nênggih wontên kang winuwus malih | Kapitan Murnê Sri Batawiah | adarbe têtukon lare | lagya mur pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | pêkik suwarnanira | Kaptin Mur puniku | sêlaminira atumbas | lare iku Kapitan Untunge prapti | dagang myang lênggahira ||
186.20 minggah mayor nulya komasaris | tan alami minggah idlir rolas | adagang kathah bathine | dadya sugih kêlangkung | angungkuli sêsami-sami | Idlir Mur duk sêmana | rumaos ing kalbu | yèn rare kang mawa bêgja | wus ingambil atmaja sinung wêwangi | Ki Untung namanira ||
186.21 pan ingugung sapolahirèki | duk sêmana wusing lama-lama | diwasa akèh umure | mêmpêng birainipun | ya ta Idlir Mur ingkang winarni |[2] darbe atmaja nonah | endah warnanipun | sêdhênge birai sêkar | sinadulurakên lan Ki Untung nênggih | tan pisah sadinanya ||
595–596 dari 810

 


1 janma. (kembali)
2 Lebih satu suku kata: ya ta Idlir Mur kang winarni. (kembali)