Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
186–187 dari 258
597–598 dari 810
5.963–5.972 dari 8.099
| 186.29 | tur kinunci jinagan Kumpêni | paran dayane gonira polah | Ki Untung alon wuwuse | mênawa na pitulung | Hyang Suksmana marang ing dasih | pan kuwating kawula | saking ing Hyang Agung | rewange malih angucap | sira iku Untung pan luwih kumaki | sun iki wong wus tuwa || |
| 186.30 | nèng bêlokan têlung puluh sasi | lawan ingsun ora mangan-mangan | prandene têka mangkene | sira iku kumênthus | pêksa guna tan wruh ing wèsthi | măngsa sira bejosa | marang ajèr ajur | kowe manèh yèn enjuha | angakali bubrahkên bêlokan wêpi[1] | bocah isih taruna || |
| 187. Sinom | |
| 187.01 | Ki Untung mèsêm angucap | tan rêmbug lan sira mami | wong akèh sun jak pikiran | sira sakarêpirèki | ingsun ora udani | Ki untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | yèn ana bisa nguculi | iya kayaparan dadi rêmbugira || |
| 187.02 | sami nauri wong kathah | yèn ucul sing sira mami | kabèh sanak-sanakira | paran ing rèhira dadi | tumbukna gunung wêsi | ala nèng bêlokan lampus | Ki Untung gumyang suka | sikile dèn unus aglis | sampun ucul saking ing wêsi bêlokan || |
| 187.03 | sami cingak kang tumingal [3: 304: tumi...ngal] | tarung kon sawidak kalih | inguculan sêdayanya | nèng blokan mung kari siji | janma ingkang nyampahi | ya ta wong kang sampun ucul | sarêng dènnya angucap | paran karêpmu sêmangkin | mêngko ingsun uwis ucul saking sira || |
| 187.04 | Ki Untung wangsulanira | sun arsa ngamuk Kumpêni | kabèh paran karêpira | sêdaya sami nauri | nadyan ambubrah loji | nora suminggah sêdarum | mung golèkna dandanan | lan golèk sarapan sami | dimèn sêgêr iki badan ingkang lêsah || |
| 187.05 | Ki Untung mèsêm angucap | wis padha mênênga sami | mêngko nora suwe ingwang | Ki Untung anulya mijil | dinêdêl ponang kori | wus malêsat kuncinipun | Ki Untung sigra mêdal | ngandhut patrêm tapak nênggih | mung sênyari gêdhene wus praptèng jaba || |
| 187.06 | kang jaga pinatrêm pêjah | datan kongsi amindhoni | pinasang malih kuncinya | Ki Untung sigra lumaris | sanake dèn ulari | wontên sawiji kapêthuk | sigra angrangkul nulya | sarwi lara-lara nangis | hèh Ki Untung kayaparan polahira || |
| 187.07 | lawase nandhang lêlaran | ingsun ora bisa tilik | mêngko katêmu nèng jaba | lah payo sun gawa mulih | Ki Untung atut wuri | sapraptane wismanipun | sanake sami prapta | tinuturan anèng margi | kathah prapta sanake sami karuna || |
| 187.08 | Ki Untung alon angucap | sun jaluk gêgaman jurit | aja [3: 305: a...ja] na mèlu maringwang | sanake sami nauri | yèn na karêpirèki | iya kang mawa pakewuh | kabèh ta sanakira | sêdya labuh lara pati | malês bêcik Untung alon saurira || |
597–598 dari 810
| 1 | wêsi. (kembali) |