Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
194 dari 258
618–619 dari 810
6.173–6.182 dari 8.099
194.11 datan pasah curiga malik pucuknya | dhuwung binucal aglis | Radèn Surapatya | kêbat salin curiga | sinuduk mring Surapati | Kapitan Êtak | wulune datan gigrig ||
194.12 pan katulak curiga nèng kêre waja | upas rolas nulya glis | ngêdrèl saking kanan | gumrudug bêdhil munya | ya ta Radèn Surapati | sarewangira | sayah dènira jurit ||
194.13 nèng pagongan atarap dènira lênggah | Wêlănda ambêdhili | saking ing kadohan | tan wontên purun nyêlak | ya ta Radèn Surapati | dyan dhinawuhan | timbalan sang narpati ||
194.14 Surapati nêdha sampun kêlayatan | dinukan ing sang aji | alon aturira | inggih dhatêng sandika | kenginga aso rumiyin | pan dèrèng wêgah | manahe ingkang abdi ||
194.15 inggih rencang punika wontên kabranan | pan arsa nginum warih | manah sangêt wêlas | dhatêng kang nandhang brana | wong gandhèk wangsul tumuli | prapta ing ngarsa- | nira sri narapati ||
194.16 sampun katur sadaya dhatêng sang nata | ature Surapati | ing [4: 28] purwa wusana | mèsêm sri naranata | ngandika dhatêng kang rayi | hèh adhi êmas | wus sayah Surapati ||
194.17 tuwan ana adhi mas payo dèn inggal | manawa ngapirani | sigra jêng pangeran | manêmbah ngaras pada | têdhak saking ing sitinggil | mring pagêlaran | panggih lawan kang abdi ||
194.18 mung wolulas ingkang dasih kathahira | sami wadya pinilih | kang dhèrèk jêng pangran | kinèn salin busana | kadya wonge Surapati | miwah jêng pangran | kang busana wus salin ||
194.19 pan amindha Surapati wadyanira | sawusnya sami salin | wau jêng pangeran | mingêr ngalèr lampahnya | mangalèr anjog ing masjid | tiyang wolulas | tan pisah lawan gusti ||
194.20 nulya mêdal saking masjid amangetan | ngalun-alun wus prapti | kagyat Surapatya | awas dènira mulat | yèn Pangran Pugêr nulungi | sigra umangsah | wadyanya rêbut dhingin ||
618–619 dari 810