Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
194 dari 258
618–619 dari 810
6.176–6.185 dari 8.099
194.14 | Surapati nêdha sampun kêlayatan | dinukan ing sang aji | alon aturira | inggih dhatêng sandika | kenginga aso rumiyin | pan dèrèng wêgah | manahe ingkang abdi || |
194.15 | inggih rencang punika wontên kabranan | pan arsa nginum warih | manah sangêt wêlas | dhatêng kang nandhang brana | wong gandhèk wangsul tumuli | prapta ing ngarsa- | nira sri narapati || |
194.16 | sampun katur sadaya dhatêng sang nata | ature Surapati | ing [4: 28] purwa wusana | mèsêm sri naranata | ngandika dhatêng kang rayi | hèh adhi êmas | wus sayah Surapati || |
194.17 | tuwan ana adhi mas payo dèn inggal | manawa ngapirani | sigra jêng pangeran | manêmbah ngaras pada | têdhak saking ing sitinggil | mring pagêlaran | panggih lawan kang abdi || |
194.18 | mung wolulas ingkang dasih kathahira | sami wadya pinilih | kang dhèrèk jêng pangran | kinèn salin busana | kadya wonge Surapati | miwah jêng pangran | kang busana wus salin || |
194.19 | pan amindha Surapati wadyanira | sawusnya sami salin | wau jêng pangeran | mingêr ngalèr lampahnya | mangalèr anjog ing masjid | tiyang wolulas | tan pisah lawan gusti || |
194.20 | nulya mêdal saking masjid amangetan | ngalun-alun wus prapti | kagyat Surapatya | awas dènira mulat | yèn Pangran Pugêr nulungi | sigra umangsah | wadyanya rêbut dhingin || |
194.21 | Surapati angantêp pangamukira | tanapi radèn patih | wong Kumpêni tadhah | ya ta kangjêng pangeran | saha wadya marêpêki | mangambul yuda | awor lan Surapati || |
194.22 | jêng pangeran prapta ngarsanira Êtak | dyan kinarutug bêdhil | pangran tan suminggah | sarwi angêmbat watang | Kyai Palèrèd pinusthi | kangjêng pangeran | sigra dènnya nglarihi || |
194.23 | Kapitan Tak kêrenira lapis tiga | tatas tanpa ngundhili | jaja nrus walikat | niba [4: 29] Kapitan Êtak | tan nganggo anjaluk warih | sampun palastra | wadyanya Surapati || |
618–619 dari 810