Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
199–200 dari 258
634–635 dari 810
6.339–6.348 dari 8.099
199.27 yayi paran karsanira | Si Sindurja kala katêmu dhingin | nèng Japara lan kumêndur | prakara Pasuruan | lamun bala Kumpêni yayi ngong pundhut | anggitika Pasuruan | lan dèn pracayakna maning ||
199.28 ingkang sun tuduh ing karya | punggawèngsun Madura Surawèsthi | ngirida pasisir iku | kang rayi matur nêmbah | yèn suwawi ing karsa paduka prabu | lêhêng nuntên linampahan | inggih pun dipati kalih ||
199.29 nadyan inggih manggihana | dhatêng wadyabala Kumpêni mangkin | wontên ing paran pukulun | sadaya umangkata | pun Kumpêni saèstu mêdal ing laut | sri narendra angandika | sakarsanira ta yayi ||
199.30 maksih kaya dhingin uga | pan wong loro iku ngong karya sandi | duk Japara durung kuntung | alane kang sun karya | Jiwaraga yayi wijile wong buruh | akarya lingsêm manira | têmahan anandhang brangti ||
200. Asmaradana
200.01 yayi nisthaning narpati | lamun akarya punggawa | nora tega ing patine | watêke wêdi palastra [4: 55] | drêngki jail tur cidra | tan pantês ngawulèng ratu | lan dhêmên amaro tingal ||
200.02 watarèngsun Surapati | samêngko wus sugih akal | pantês angêntasi gawe | kaya nora kawanguran | kang rayi matur nêmbah | inggih sintên ingkang purun | amingkis wadi narendra ||
200.03 suwawi dipun timbali | pun Sampang lan Surabaya | kinèn siyagèng palugon | sang nata alon ngandika | Sindurja timbalana | Si Dipati Surèngkewuh | aja kari yayi Sampang ||
200.04 punggawa katri wus prapti | ing ngabyantara narendra | sang nata ngandika alon | hèh yayi mas ing Madura | lawan ing Surabaya | padha siyagaa pupuh | angrabasèng Pasuruan ||
200.05 ngirida wadya pasisir | lan wadyèngsun Kartasura | amèlua sapratêlon | punggawa kalih wotsêkar | sampun winangsit samya | ing karsanira sang prabu | kadi kang wus kalampahan ||
200.06 aja ge sira ajurit | yèn Kumpêni durung prapta | abarisa tugur bae | iya anèng Pasuruan | sang nata angandika | marang Arya Sindurjèku | hèh Sindurja ing Japara ||
634–635 dari 810