Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
214–215 dari 258
680 dari 810
6.791–6.800 dari 8.099
214.24 bapa sira wus uninga | ing warnane radèn ayu dipati | margane kinêbon iku | apa ing sababira | Singanănda Patrawisa alon matur | inggih kawula miyarsa | watosipun[1] tiyang Jawi ||
214.25 mila kinêbon sang rêtna | margi kawon lawan pundhutan sêlir | sing Ngonje sampun rinêngkuh | garwa dadya sang rêtna | linggar mangke panggenanira sang ayu | anèng dalêm langonsêkar | kang rama maksih ngewani ||
214.26 wingi kawula sêsanjan | dhatêng prasanakan kawula nami | pun Jayadrêma puniku | têtiyang kapugêran | sanjang bilih sabên sontên sang rêtna yu | pinarak anèng panggungan | katingal saking ing margi ||
214.27 kados anglêlipur manah | saking dening apisah lawan laki | agring kapitêmahipun | mring rama tan sinpa [4: 124: si...npa] |[2] mila Pangran Pugêr aduka ing sunu | mrih putra wangsul mring raka | Radèn Sukra duk miyarsi ||
214.28 nabda bapa kambilana | jaran ingsun kang aran si nirwati | dhawuk putih ulêsipun | anulya kinambilan | linaraban nirwati ing bludru wungu | palisir cindhe puspita | tuhu lamun karya brangti ||
215. Asmaradana
215.01 suku kuda papat sami | watês dhêngkul sinung nila | buntut kuncung lan surine | prasami sinungu nila | èbègipun garudhan | Dyan Sukra busana sampun | paningsêt jingga rinenda ||
215.02 kuluke cêmêng barêci | dene ta nyênyampingira | nênggih golang-galing ijo | sadasa lêr rawisira | kris bangkrak sarungannya | ukiran mas patra mancung | sumping mlathi siji sewang ||
215.03 dhasar bagus citranèki | sêmbada krênggèng busana | saya dumêling baguse | wus kadya Rahadèn Sămba | putra Paranggarudha | wusira wau sang bagus | nitih kuda sigra mêdal ||
215.04 panakawan samya ngiring | êmban kalih atut wuntat | praptanya ing lurung gêdhe | turăngga sirige ngiprah | anglir pendah badhaya | kapugêran kang tinuju | mripit banon patamanan ||
215.05 kang êlèr ing pinggir margi | marga kang têrus narmada | ganti ingkang winiraos | ingkang anèng langonsêkar | kang tansah ngewan priya | mêntas siram sang rêtna yu | lami tilar dhahar nendra ||
680 dari 810

 


wartosipun. (kembali)
Kurang satu suku kata: mring rama tan sinapa. (kembali)