Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
217 dari 258
688–689 dari 810
6.875–6.884 dari 8.099
217.19 tinarajang dening Radèn Ăntawirya | Sukra lumayu aglis | para putra ngêpang | nanging tan ana [4: 135] opyak | ting barêkuh swaranèki | angubêr dhustha | Sukra nyalimpêt aglis ||
217.20 Radèn Ăntawirya Radèn Martatruna | ngandika mring kang rayi | enggal amundhuta | obor dimène padhang | kang rayi lumayu aglis | praptèng pandhapa | kang saos dèn pundhuti ||
217.21 ingkang saos gêpah arsa umiringa | radèn tan anglilani | sigra lampahira | prapta wus ingoboran | Radèn Sukra angrambati | ing marganira | dilalah praptèng nginggil ||
217.22 katêlorong ing obor radèn katingal | anjlog wus praptèng jawi | ban kalih kalumah | kajlogan gya lumajar | Dyan Ăntawirya duk mèksi | dhustha lumajar | banon dipun lumpati ||
217.23 praptèng jaba wau Radèn Ăntawirya | asru dènira angling | hèh maling mandhêga | payo tandhing prawira | yèn nyata maling sinêkti | wong êndi baya | dene akumawani ||
217.24 ya ta kang pra ari mirma mring kang raka | manusul datan bangkit | dadya lok kewala | gègèr wong kapugêran | pating balêbêr nututi | wong kasindurjan | sanega anadhahi ||
217.25 ing dêdalan padhange kadi raina | tarap sami nyêgati | wadya kasindurjan | kagyat dènnya tumingal | Radèn Sukra kêmpis-kêmpis | graita samya | dadyarsa angalingi ||
217.26 tan antara Radèn Ăntawirya prapta | wong kasindurjan uning | marang radèn putra | saksana [4: 136] mêndhak samya | atarap sapinggir margi | mantri sindurjan | gupuh matur wotsari ||
217.27 adhuh anggèr paran wartane kang dhustha | radèn ngandika aris | marene kang dhustha | mantri Sindurjan nêmbah | kawula anggèr ngadhangi | tan wontên tiyang | manawi gêbyur kali ||
217.28 Radèn Ăntawirya wusnya ingaturan | lajêng kondur sang pêkik | ya ta kawuwusa | wau Rahadèn Sukra | praptèng wisma nulya guling | saputing driya | sangsaya angranuhi ||
688–689 dari 810