Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
220 dari 258
692–693 dari 810
6.912–6.921 dari 8.099
220.06 lah dawêg sarêng lan kula | Ni Tambakbaya tut wuri | sigêgên ingkang lumampah | warnanên kang anggung kingkin | Radèn Sukra anganti | Êmban Gori praptanipun | lênggah ing pêpungkuran | rêngêng-rêngêng angrêrêpi [4: 141: angrêrê...pi] | langkung sangêt dènira kandhuhan brăngta ||
220.07 karangehan munggèng têgal | lawas enggal kula anti | sêsulung kang mêdal enjang | galêpung pangusap rai | masa lipura gusti | lamun dèrèng karonlulut | sotyaning kapugêran | tangkil agung wadung pari | kaniaya wong têtinjo tan sinapa ||
220.08 kondur saking pêpungkuran | sangsaya sru nandhang wingit | kagyat rahadyan tumingal | praptanira Êmban Gori | kalawan bêkta kanthi | gupuh têtanya sang bagus | biyang bayolèh karya | Êmban Gori matur aris | inggih angsal nanging sasat dèrèng angsal ||
220.09 anggèr angsale punika | dene katampan kang tulis | dèrènge angsal punika | dene botên dèn wangsuli | tan suka datan runtik | inggih wau radèn ayu | Dyan Sukra angandika | si bibi iku wong êndi | anyar katon Êmban Gori atur sêmbah ||
220.10 rabine Ki Tambakbaya | punika kang anèm gusti | kinawayuh marang priya | kasoran dènnya rêbut sih | dadya momong ing mangkin | dhumatêng sang rêtnaning rum | Radèn Sukra ngandika | ingsun rewangana bibi | sasat sira amayu karamat bêjad ||
220.11 ya ta nulya pinaringan | kawan dasa reyal putih | lawan cindhe kalih lirang | sêmbagi lawan pêlangi | rong kêbar jarit bathik | sakêmbar samya lus-alus | pathola sakêmbaran | sakathahing kêling-kêling | lawan mirah pinaringan sakêmbaran [4: 142] ||
220.12 Radèn Sukra atêtanya | kayaparan duk ing wingi | kature nawalaningwang | lah sira tutura bibi | Tambakbaya turnya ris | nalika kang sêrat katur | winaos mring sang rêtna | rêspati tinêmbang mijil | swara arum pinyarsa lir nganyut driya ||
220.13 sasampune maos surat | mèsêm sang rêtnaning puri | saksana punang nawala | sinèlèh ngandhap gêguling | sarwi ngandika aris | ngajak mati si dipênthung | inggih mung sapunika | Dyan Sukra myarsa kadyèki | nibèng kasur kumênyut raosing driya ||
220.14 Ban Gori ngandikan prapta | Dyan Sukra ngandika aris | biyang laraningsun mêtak | ngrungu wartane si bibi | baya nêmahi pati | ing samêngko iki biyung | yèn ora saluluta | lan kang gawe lara brangti | sapa ingkang prayoga pinindha-pindha ||
220.15 Êmban Gori aturira | kathah ingkang para sêlir | singa ingkang kinarsakna | pinindha-pindha pan dadi | ngandika sang apêkik | pasthi nora mari biyung | yèn dudu wong ing kana | nadyan rupa nini-nini | lamun uga parêkane sang lir rêtna ||
692–693 dari 810