Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
224 dari 258
703 dari 810
7.021–7.030 dari 8.099
| 224.08 | galedhegan kinêpung sampun akapang | Nyai Wilaja nênggih | lan Nyai Suwănda | wus prapta ing jro wisma | sampun winênganan kori | umanjing sigra | cundhuk lan kyana patih || |
| 224.09 | duta kalih andhawuhakên timbalan | dhatêng rêkyana patih | pakênira tămpa | pangandikaning nata | garwanta dyan ayu patih | mangke ngandikan | dening sri narapati || |
| 224.10 | Radèn Arya Sindurja jêtung kewala | sarwi mêngkul kang siwi | jêr Dyan Sukra dahat | kinasihan ing rama | dènira manggih duka ji | lamun kenginga [4: 159] | nêdya dipun talangi || |
| 224.11 | dadya wau wagugên rêkyana patya | tan bisa anauri | sabda kang dhumawah | ya ta Nyai Suwănda | mring dyan ayu nabda aris | suwawi enggal | ngandikan rakanta ji || |
| 224.12 | radèn ayu patih mangkat sigra-sigra | kerid caraka kalih | tan kawarnèng marga | prapta ing dalêm pura | kèndêl anèng sri manganti | ngarsaning nata | sigra mangsah nungkêmi || |
| 224.13 | radèn ayu karuna mulat ing raka | dene siyagèng jurit | panarkaning driya | tamtu sangêt ing duka | ya ta ngandika sang aji | ing sabda kêras | sira balia nuli || |
| 224.14 | amaraha ing lakinta Si Sindurja | yèn nêdya nêmu bêcik | lan uripe Sukra | enggal nuli sebaa | mangsaha ing ngarsa mami | yèn ora seba | ingsun ingkang nindaki || |
| 224.15 | Radèn Ayu Sindurja nêmbah umêsat | praptèng dalêmira glis | kapanggih ing raka | Rahadèn Sindurêja | kang garwa lara anangis | ingkang timbalan | jêng raka sri bupati || |
| 224.16 | lamun sira minta uripe Si Sukra | sebaa dipun aglis | yèn tan arsa seba | sangêt dukaning nata | akarsa têdhak pribadi | karsa ngambila | ing pêjahira kalih || |
| 224.17 | lah ta payo manira kinon ngirida | ya ta rahadèn patih | langkung dènnya kewran | têmah anut ing garwa | anêsêp-nêsêp ing siwi | êmbunanira | karia sira gusti || |
703 dari 810