Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
224 dari 258
703–704 dari 810
7.026–7.035 dari 8.099
224.13 radèn ayu karuna mulat ing raka | dene siyagèng jurit | panarkaning driya | tamtu sangêt ing duka | ya ta ngandika sang aji | ing sabda kêras | sira balia nuli ||
224.14 amaraha ing lakinta Si Sindurja | yèn nêdya nêmu bêcik | lan uripe Sukra | enggal nuli sebaa | mangsaha ing ngarsa mami | yèn ora seba | ingsun ingkang nindaki ||
224.15 Radèn Ayu Sindurja nêmbah umêsat | praptèng dalêmira glis | kapanggih ing raka | Rahadèn Sindurêja | kang garwa lara anangis | ingkang timbalan | jêng raka sri bupati ||
224.16 lamun sira minta uripe Si Sukra | sebaa dipun aglis | yèn tan arsa seba | sangêt dukaning nata | akarsa têdhak pribadi | karsa ngambila | ing pêjahira kalih ||
224.17 lah ta payo manira kinon ngirida | ya ta rahadèn patih | langkung dènnya kewran | têmah anut ing garwa | anêsêp-nêsêp ing siwi | êmbunanira | karia sira gusti ||
224.18 ingsun suwunakên apura ing nata | umangkat radèn [4: 160: ra...dèn] patih | lawan ingkang garwa | samya dharat kewala | wus prapta ing păncaniti | sigra ngandikan | lumêbu ing jro puri ||
224.19 Sumabrata kinèn mapag kamandhungan | kalawan para mantri | kaparak sadaya | wus panggih lan rahadyan | dhuwunge pinundhut aglis | rahadyan patya | kinubêng ing prajurit ||
224.20 pan rinêksa munggèng kori kamandhungan | dening kaparak abdi | ya ta kawarnaa | pating blêbêr utusan | para mantri saking puri | ngêmban timbalan | gandhèk awanti-wanti ||
224.21 Adipati Urawan lan Kandhuruan | Sukra kinèn matèni | lan sang adipatya | ing Sampang kadhawuhan | Rahadèn Sukra winarni | saungkurira | kang rama tutup kori ||
224.22 wus amisah wadyabala kasindurjan | namung kari wong Bugis | satus winatara | wongira Radèn Sukra | nèng palataran abaris | pating jalemprak | bangkilung naut rawis ||
703–704 dari 810