Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
224 dari 258
704–705 dari 810
7.036–7.045 dari 8.099
224.23 yèn wontêna pangajane Radèn Sukra | ngamuk wong Katawani[1] | Janulin Rarosah | kopral andêling yuda | nanging tan sinung mêtoni | mring Radèn Sukra | mung ngrêksa dalêm puri ||
224.24 dadya kewran Ki Adipati Urawan | arsa ginêcak wani | kang para punggawa | prawira datan rêmbag | gandhèk prapta wanti-wanti | saking jro pura | angenggalakên pati ||
224.25 langkung èmêng Ki Adipati Urawan | miwah para bupati | pan arsa kinasab [4: 161] | wonge Bugis akathah | karya rusaking wong cilik | yèn angamuka | têmah akèh pêpati ||
224.26 wadya ingkang baris lor kulon punika | Dêmak lan Surawèsthi | wong Madura wetan | kidul wong Kartasura | kang baris lor marêpêki | arsa dèn rangsang | sinipat dening bêdhil ||
224.27 sami mundur kang baris wetan angrangsang | bubar sinipat bêdhil | sigra ingundhangan | aja na wong kang ngrangsang | dèn ipuk sangkaning aris | manawa kêna | rêmbag para bupati ||
224.28 ya ta wontên wong tuwa ing kasindurjan | lênggah mantri panumping | aran Măndaraka | kaprênah naking-sanak | kalawan rahadèn patih | sigra umarak | mring Urawan Dipati ||
224.29 alon matur inggih sabarna sakêdhap | kula ingkang nglêbêti | ambujuk pun Sukra | amrih ing kênanira | Ki Urawan sukèng galih | ingidèn sigra | saksana gya lumaris ||
224.30 ya ta nulya wau Kyai Măndaraka | lajêng asèlèh kêris | sigra mènèk bata | Kiyai Măndaraka | praptèng nginggil dèn uluri | wus praptèng ngandhap | sami kagyat ningali ||
224.31 Radèn Sukra samana mangku talêmpak | ingayap wadya Bugis | kagyat duk umiyat | praptane ingkang paman | Ki Măndaraka anangis | dhuh sutaningwang | kaya pa sira gusti ||
224.32 nora ngeman marang wong atuwanira | uwakira nèng jawi | Dipati Urawan | dhawuhakên [4: 162: dhawuha...kên] timbalan | yèn sira tobat sayêkti | pan ingapura | ing pungkurira sang sri ||
704–705 dari 810

 


Kartawani. (kembali)