Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
230 dari 258
721 dari 810
7.201–7.210 dari 8.099
| 230.02 | kang anglurug samya dèn timbali | mantri anom sakawan lumampah | dinutèng marga lampahe | ing Panaraga rawuh | lan pangeran sampun apanggih | sigra dhawahkên sabda- | nira sang aprabu | jêng pangran ngaturan wikan | lamun gêrah kang raka sri narapati | pangran kapitèng driya || |
| 230.03 | gupuh undhang ing wadya prajurit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak [4: 184: ginêla...k] lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | jêng pangeran laju tumamèng jro puri | wus panggih lan sang nata || |
| 230.04 | mangsah nêmbah ing raka sang aji | manganjali manguswèng suku sang | angusapi ing lêbune | sri nata ngandika rum | kayaparan lakunirèki | kang rayi matur nêmbah | raharja pukulun | sang nata aris ngandika | ingsun adhi antuk ganjaraning Widi | lumpuh tan bisa obah || |
| 230.05 | kayaparan ing rèhira yayi | apa ingkang kinarya usada | liwat luwih ing larane | sihing Hyang Maha Ruhur | jêng pangeran matur wotsari | paduka narimaha | sihing Hyang dèn sukur | pintên banggi ta ing benjang | bokmanawi pikantuk pitulung Widi | ngapura ing paduka || |
| 230.06 | sigra nêmbah lèngsèr saking ngarsi | laju kondur praptèng dalêmira | sinêngkalan duk gêrahe | sri narendra puniku | janma miyat obahing bumi |[1] sawarsa laminira | dènnya gêrah lumpuh | sawusira ing sawarsa | gya waluya nir gêrahira nrêpati | enggar wong Kartasura || |
| 230.07 | duk gêrahnya nadar sri bupati | yèn waluya gêrahira benjang | sri karsa ngrampog macane | tuwin lomban sang prabu | lan sagunging para dipati | maring sagarayasa | wau sang aprabu | klampahan angrampog sima | sarta sampun klampahan lomban sang aji | dhatêng sagarayasa || |
| 230.08 | bajulira ingambilan dhingin | Dyan Sudira [4: 185: Sudi...ra] kang dinutèng nata | angêntasakên bayane | saksana kang ingutus | lajêng gêbyur sagaran aglis | kampuh rèjèng pinrêmas | tan mawi cinucul | prandene tan tlês ing toya | bajulira cinangking ing kanan kering | mêntas maring dharatan || |
| 230.09 | samya cingak sagung kang ningali | digjayane Radèn Sudirèka | wong dalêm anggêbyur kabèh | miwah wau sang prabu | nutug dènnya kasukan ngwarih | kondure sri narendra | praptaning kadhatun | samana tulus raharja | Kartasura ya ta ing alami-lami | wontên kang cinarita || |
| 230.10 | garwanira Pangeran Dipati | saking Ngonje sampun apêputra | jalu apêkik warnane | lan wontên sêliripun | tiyang saking Kambêng mêdali | antawis tigang căndra | babare kang sunu | lan garwa Ngonje punika | sami jalu putranya Pangran Dipati | kang sêpuh sinung nama || |
| 230.11 | Rahadèn Mas Bumi kang wêwangi | de kang anèm Radèn Mas Panêngah | kang sêpuh katêlah mangke | nênggih Radèn Mas Sêpuh | datan karan Radèn Mas Bumi | nulya malih pêputra | garwa Ngonje wau | inggih jalu putranira | dadya kalih saking Ngonje putranèki | punika sinung nama || |
721 dari 810
| 1 | Tanggal: janma miyat obahing bumi (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. (kembali) |