Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
25 dari 258
80–81 dari 810
799–808 dari 8.099
| 025.13 | Pêcattăndha ing Têrung wotsari | dhuh pukulun kang dhukuh Bintara | kadang kawula wiyose | sadhèrèk tunggil ibu | inggih sanès ingkang mancêri [1: 129] | kawula pun Dipatya | Palembang kang sunu | pun kakang Rahadèn Patah | gih pun ibu kang bêkta wawratan uni | saking ing tanah Jawa || |
| 025.14 | duk miyarsa ature Dipati | Brawijaya emut ing wanteyan | lamun punika putrane | dadya ngandika arum | yèn mangkono iya dipati | lah sira lumakua | timbalana gupuh | praptaa ing ngarsaningwang | sigra lèngsèr lampahe sang adipati | ing Têrung marang Dêmak || |
| 025.15 | tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nêgari Bintara | wus panggih lawan kadange | dhinawuhakên sampun | timbalane sri narapati | kêlamun ingandikan | dhumatêng sang prabu | sigra mangkat Radèn Patah | kerid dene kang rayi sang adipati | ing Majapait prapta || |
| 025.16 | adipati ing Têrung kariyin | ingkang raka kantun anèng jaba | Dipati Têrung praptane | munggèng byantara prabu | apranata ing sri bupati | katur sêdayanira | solahe ingutus | nimbali dhatêng pun kakang | sampun sowan ing mangke wontên ing jawi | sumăngga karsa nata || |
| 025.17 | sri narendra dhawuh animbali | tinimbalan wus prapta ing pura | tumamèng munggèng ngarsane | Brawijaya andulu | Radèn Patah pinandêng liring | sêmu myang pasariran | Radyan Patah mungguh | Brawijaya mundhut kaca | sigra ngilo sêmana awas ningali | wêdana nèng paesan || |
| 025.18 | Brawijaya amicarèng ati | iya nyata iki anak ingwang | kang sun titipkên ibune | sun paringkên rumuhun [1: 130: ru...muhun] | ing Palembang mêtêng nêm sasi | wus sun wêkas Dipatya | Palembang rumuhun | yèn mêngkono putraningwang | nagri Dêmak sun paringakên sirèki | namaa adipatya || |
| 025.19 | wus tinundhung mulih sang dipati | saking ngarsanira ingkang rama | lan sawadyane wus bodhol | nulya panggih lan guru | kangjêng sunan ing Ngampèlgadhing | nêgari Surabaya | sasênênge iku | wus Islam sêdayanira | timbalane Brawijaya Majapait | angrèhna ingkang putra || |
| 025.20 | Adipati Bintara wus prapti | Ngampèldênta ngarsane pandhita | asujud ngaras sukune | manêmbah aris matur | pan kawula anuwun idin | kawula arsa bêdhah | nagri Majalangu | nadyan mêngsaha pun bapa | ratu kapir tan anut agama nabi | sang wiku angandika || |
| 025.21 | hèh ta aja mêngkono ki bayi | ramanira mapan ora nyêgah | mring wong masuk agamane | sarengate jêng rasul | apan ingsun dipun paringi | iya wong dadi imam | anèng Surèngkewuh | apadene sira iya | pinaringan wong salêksa Bintarèki | klilan agama mulya || |
| 025.22 | iya apa cacade ramèki | Brawijaya durung karsa Islam | ya durung pinarêngake | karsane Hyang Kang Agung | ramanira titahing Widi | kang wayah duk miyarsa | tumungkul andhêku | kawarnaa pitung dina | Sang Dipati Bintara nèng Surawèsthi | wus kundur marang Dêmak || |
80–81 dari 810