Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
25 dari 258
82–83 dari 810
812–821 dari 8.099
| 025.26 | kambil mantu mring Arya Baribin | wontên malih maolana prapta | ngêjawa prapta lampahe | ing Ngampèl kang jinujug | kinèn dhukuh ing Pakisaji | dadya imam Samarang | wontên malih rawuh | samya trahing Rasullullah | dhêkahira maolana Manil Kabri | ya ta sampun ngêjawa || |
| 025.27 | wus tinuduh wau angimami | ing Barêbês Carêbon sadaya | Pêjajaran Kêrawange | agung jumungahipun | nama sunan ing Gunungjati | kèh ajar kapêlajar | manguyu kêplayu | mangkana ing nungsa Jawa | sampun kathah pandhita kang para wali | wontên malih [1: 132] kocapa || |
| 025.28 | Ki Tumênggung Wilatikta nênggih | putranira Arya Teja Tuban | kaipe mring Sunan Ngampèl | pan darbe putra jalu | akêkasih Rahadèn Sahid | gêguru Sunan Bonang | naking-sanakipun | ing pulo Upih kocapa | angêjawa kaipe Jêng Gunungjati | pêparab Sèh Mêlaya || |
| 025.29 | adhêdhukuh Kalijaga nênggih | Sèh Mêlaya bêntur tapanira | dadya luhur kuwalène | jumênêng wali kutub | Panêmbahan Johar Manrakim | kunêng Ki Sèh Mêlaya | mangkana winuwus | kang Sinuwun Ngampèl seda | wus sinare ing Ngampèl kang para wali | rêmbag akarya raja || |
| 025.30 | mangruraha kutha Majapait | mapan wênang angrusaka kopar | kang para wali karsane | Dipati Bintarèku | kang kinarya ratu agami | Susunan Giripura | angèstrèni sampun | Sunan Gunungjati prapta | sampun pêpak anèng ing Dêmak nêgari | miwah para dipatya || |
| 025.31 | wali kilèn sêdaya wus prapti | Sunan Bonang prasami rêmbagan | ngrabasèng Majapaite | prajurit Sunan Ngudung | senapati pangirid baris | wus budhal saking Dêmak | wadya gung gumuruh | dene para wali samya | anèng Dêmak pirêmbagan karya masjid | para wali rêmbagan || |
| 025.32 | kawarnaa kang lumampah jurit | Sunan Ngudung lan para dipatya | wus prapta Majapaite | gya katur sang aprabu | yèn gêgaman ing Dêmak prapti | èstu lamun kang putra | angrabasèng pupuh | sru ngungun [1: 133: ngungu...n] Sang Brawijaya | balakuswa Majapait wus miranti | amapag ing ayuda || |
| 025.33 | Adipati Têrung kang nindhihi | sagung wadyabala Majalêngka | lan Gajahmada kanthine | lan putra sang aprabu | Radèn Gugur tumut nindhihi | wus campuh ing ayuda | Ki Dipati Têrung | kêlangkung prawirèng yuda | èsmu kewran ing Dêmak kadang sayêkti | gusti ing Majalêngka || |
| 025.34 | sagunging wong kang sampun agami | tumut Dêmak ingkang maksih Buda | tumut Majapait kabèh | lami gènnya prang pupuh | tan winarna lamining jurit | sinigêg ing barisan | Dêmak kang winuwus | abahan mêsjid wus pêpak | bubuhane sêdaya kang para wali | kantun pasang kewala || |
| 025.35 | amung kantun Jêng Susunan Kali | bubuhane ingkang durung ana | ngadhêpi wong madung bae | Sinuwun Bonang muwus | lah ta sira Ki Jêbèng Kali | êndi bubuhanira | bakal sakaguru | pan uwis pêpak prasamya | mung anganti jêbèng Ngudung praptanèki | mung sira durung ana || |
82–83 dari 810