Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
25 dari 258
82–83 dari 810
817–826 dari 8.099
| 025.31 | wali kilèn sêdaya wus prapti | Sunan Bonang prasami rêmbagan | ngrabasèng Majapaite | prajurit Sunan Ngudung | senapati pangirid baris | wus budhal saking Dêmak | wadya gung gumuruh | dene para wali samya | anèng Dêmak pirêmbagan karya masjid | para wali rêmbagan || |
| 025.32 | kawarnaa kang lumampah jurit | Sunan Ngudung lan para dipatya | wus prapta Majapaite | gya katur sang aprabu | yèn gêgaman ing Dêmak prapti | èstu lamun kang putra | angrabasèng pupuh | sru ngungun [1: 133: ngungu...n] Sang Brawijaya | balakuswa Majapait wus miranti | amapag ing ayuda || |
| 025.33 | Adipati Têrung kang nindhihi | sagung wadyabala Majalêngka | lan Gajahmada kanthine | lan putra sang aprabu | Radèn Gugur tumut nindhihi | wus campuh ing ayuda | Ki Dipati Têrung | kêlangkung prawirèng yuda | èsmu kewran ing Dêmak kadang sayêkti | gusti ing Majalêngka || |
| 025.34 | sagunging wong kang sampun agami | tumut Dêmak ingkang maksih Buda | tumut Majapait kabèh | lami gènnya prang pupuh | tan winarna lamining jurit | sinigêg ing barisan | Dêmak kang winuwus | abahan mêsjid wus pêpak | bubuhane sêdaya kang para wali | kantun pasang kewala || |
| 025.35 | amung kantun Jêng Susunan Kali | bubuhane ingkang durung ana | ngadhêpi wong madung bae | Sinuwun Bonang muwus | lah ta sira Ki Jêbèng Kali | êndi bubuhanira | bakal sakaguru | pan uwis pêpak prasamya | mung anganti jêbèng Ngudung praptanèki | mung sira durung ana || |
| 025.36 | iki bakal sun adêgkên nuli | iya jêbèng dina benjang enjang | nganti jêbèng Ngudung bae | sadina sesuk rawuh | ya ta matur Jêng Sunan Kali | mangke dalu ngupaya | Sunan Bonang muwus | ki jêbèng aja gêgampang | tan winarna rêmbage kang para wali | wus mupakat sêdaya || |
| 025.37 | pan sêdalu dènnya gunêm pikir | para wali wêwolu punika | tan ana ingkang asare | ya ta Jêng Sunan Ngudung | kundur saking madyaning jurit | kang wadya kathah pêjah | kêsambut [1: 134: kêsambu...t] ing pupuh | mila kewran ing wardaya | Sunan Ngudung tan kuwawa ing ajurit | mungsuh lan Pêcattăndha || |
| 025.38 | tan kawarna lampahirèng margi | Sunan Ngudung prapta nagri Dêmak | wus tundhuk pra wali kabèh | Jêng Sunan Bonang muwus | kayaparan wartaning jurit | gonira mangsah yuda | Sunan Ngudung matur | wadya Dêmak kathah pêjah | mêngsah lawan prajurit ing Majapait | ing Têrung Pêcattăndha || |
| 025.39 | Sunan Bonang angandika aris | lah ta gampang masalahing pêrang | Allah durung marêngake | balikan bubuhamu | iya sira gawea dhingin | sigra wau ngupaya | bakal sakaguru | sêksana sami sêdhiya | balik sira lah iya Ki Jêbèng Kali | bagèhamu tan ana || |
| 025.40 | dina sesuk adêge kang mêsjid | ya ta dalu Sunan Kalijaga | tatal dèn kalumpukake | sampun sinambung-sambung | apan sarwi binêngkêk tali | agêng sami lan saka | tinalenan êduk | wus jangkêp saka sêkawan | amung siji sakane tatal kinardi | pinasang ing lor wetan || |
82–83 dari 810