Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25 dari 258
80–81 dari 810
795–804 dari 8.099
025.09 radèn sira alungaa aglis | angulona lamun ana alas | gêlagah wangi gandane | dhêdhukuha sirèku | amuruka agama suci | sarengat Rasullullah | sira iku besuk | lawas-lawas dadi raja | amarentah satriya punggawa mantri | mêkasi nata Buda ||
025.10 Radèn Patah atur sêmbah pamit | sakêlangkung mêlêng lampahira | anut duduhe gurune | mangilèn lampahipun | tan winarna lamining margi | prapta manggih gêlagah | wangi gandanipun | ya ta wau dhinukuhan | lami-lami akathah ingkang tut wuri | dhukuh aran Bintara ||
025.11 amêmuruk agamaning nabi | kathah ingkang sami tumut wisma | saya kathah wong kang rawoh | ngadêg jumuwahipun | wong pasisir ing kanan kering | awisma ing Bintara | wus dadya praja gung | wêtara wontên salêksa | amiyarsa Brawijaya Majapait | nimbali Pêcattăndha ||
025.12 adipati ing Têrung wus prapti | ing ngarsane Prabu Brawijaya | ya ta asru ngandikane | hèh Adipati Têrung | asaosa kêprabon jurit | ing kulon kene ana | iya wong dhêdhukuh | ing Dêmak tanah Bintara | wus angrêda mênawa rêraton benjing | nuli gitikên ing prang ||
025.13 Pêcattăndha ing Têrung wotsari | dhuh pukulun kang dhukuh Bintara | kadang kawula wiyose | sadhèrèk tunggil ibu | inggih sanès ingkang mancêri [1: 129] | kawula pun Dipatya | Palembang kang sunu | pun kakang Rahadèn Patah | gih pun ibu kang bêkta wawratan uni | saking ing tanah Jawa ||
025.14 duk miyarsa ature Dipati | Brawijaya emut ing wanteyan | lamun punika putrane | dadya ngandika arum | yèn mangkono iya dipati | lah sira lumakua | timbalana gupuh | praptaa ing ngarsaningwang | sigra lèngsèr lampahe sang adipati | ing Têrung marang Dêmak ||
025.15 tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nêgari Bintara | wus panggih lawan kadange | dhinawuhakên sampun | timbalane sri narapati | kêlamun ingandikan | dhumatêng sang prabu | sigra mangkat Radèn Patah | kerid dene kang rayi sang adipati | ing Majapait prapta ||
025.16 adipati ing Têrung kariyin | ingkang raka kantun anèng jaba | Dipati Têrung praptane | munggèng byantara prabu | apranata ing sri bupati | katur sêdayanira | solahe ingutus | nimbali dhatêng pun kakang | sampun sowan ing mangke wontên ing jawi | sumăngga karsa nata ||
025.17 sri narendra dhawuh animbali | tinimbalan wus prapta ing pura | tumamèng munggèng ngarsane | Brawijaya andulu | Radèn Patah pinandêng liring | sêmu myang pasariran | Radyan Patah mungguh | Brawijaya mundhut kaca | sigra ngilo sêmana awas ningali | wêdana nèng paesan ||
025.18 Brawijaya amicarèng ati | iya nyata iki anak ingwang | kang sun titipkên ibune | sun paringkên rumuhun [1: 130: ru...muhun] | ing Palembang mêtêng nêm sasi | wus sun wêkas Dipatya | Palembang rumuhun | yèn mêngkono putraningwang | nagri Dêmak sun paringakên sirèki | namaa adipatya ||
80–81 dari 810