Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 258
85 dari 810
841–850 dari 8.099
026.13 sira ingkang pinaringan | Sunan Kali sujud sarwi nampèni | sigra dènnya donga sokur | ngungun wali sêdaya | Sunan Bonang pangandikanira arum | pan iku ăntakusuma | lungsurane kangjêng nabi ||
026.14 ulêse puniku nyata | walulange wêdhus pan kongsi gundhil | sawab saking laminipun | kinarya pêsalatan | mring jêng nabi lah iya karyanên iku | kêlambi dhapure takwa | dene ta kang nganggo benjing ||
026.15 bêbêkêle tanah Jawa | singa ingkang dadi ratu duwèni | ki gundhil arane iku | Sunan Kali wotsêmbah | wus mangkana lamine datan winuwus | Susunan Ngudung pinatah | nutugkên karyane dhingin ||
026.16 ingkang wêling Sunan Bonang | ing ayuda mênawa anadhahi | kêlawan Dipati Têrung | rewangên sawêtara | Sunan Ngudung anyambut rasukanipun | mring Jêng Sunan Kalijaga | kyai ăntakusumèki ||
026.17 wus budhal saking Bintara | tan kawarna ing marga sampun prapti | pêbarisan Majalangu | inggar para dipatya | dene senapati Sunan Ngudung rawuh | kocapa lajêng campuh prang | wong Dêmak lan Majapait ||
026.18 kêlangkung ramening yuda | pan akathah prajurit Majapait | ki adipati ing Têrung | senasatining[1] aprang | Kyana Patih Gajahmada êmbanipun | lan Radyan Gugur kang putra | minăngka [1: 138: mi...năngka] wakil sang aji ||
026.19 ramening prang long-linongan | Sang Dipati Têrung ingkang nadhahi | Susunan Ngudung kêsambut | kanin lambunge kiwa | kyai ăntakusuma mantuk karuwun | wus prapta nagri Bintara | apan sarwi kuthah gêtih ||
026.20 kang Sinuwun Kalijaga | sigra nyandhak anulya asung warti | mring garwane Sunan Ngudung | bok raka katiwasan | kyai raka pan kêsambut ing prang pupuh | garwa Sunan Ngudung mojar | yayi sintên kang sung warti ||
026.21 Jêng Susunan Kali mojar | kyai ăntakusuma mantuk kriyin | ingkang sarta kuthah marus | Nyi Sunan Ngudung mojar | dene nganggo ki ăntakusuma lampus | kêlambi sigra nyuwara | ngong rêksa jawining pêsthi ||
026.22 sintên kuwawi nyêgaha | lamun sampun salêbêtipun pêsthi | duk miyarsa anjrit muwus | wus kesah Sèh Mêlaya | tan antara layon Sunan Ngudung rawuh | wus prapta nêgari Dêmak | sinare lèr kilèn mêsjid ||
85 dari 810

 


1 senapatining. (kembali)